ARTIKEL
(OPINI) : Budaya Gugon Tuhon Wonten ing Masyarakat Jawa
Gugon tuhon menika salah satunggaling
kabudayan jawi ingkang awujud pitutur luhur. Pitutur menika boten namung awujud
ujaran utawi panyaruwe mawi lisan, nanging aged awujud menapa kemawon. Wonten
ing gugon tuhon kathah ingkang awujud pitutur para tiyang sepuh dhumateng
putranipun. Wonten ing gugon tuhon yaiku kapercayan wong jawa marang sawenehing
bab utawa prakara kang ora tinemu nalar.
Tumrape wong jawa kang percaya utawa ngandel tansah duwe rasa was sumelang menawa ora bisa nyranani utawa nyembadani prakara kang dianggep mbebayani iku. Kathah ingkang nggadhahi pamanggih ingkang beda babagan gugon tuhon, amargi gugon tuhon kemawon wujudipun warni-warni.
Tumrape wong jawa kang percaya utawa ngandel tansah duwe rasa was sumelang menawa ora bisa nyranani utawa nyembadani prakara kang dianggep mbebayani iku. Kathah ingkang nggadhahi pamanggih ingkang beda babagan gugon tuhon, amargi gugon tuhon kemawon wujudipun warni-warni.
Jinising gugon tuhon ugi boten namung
setunggal. Wujuding gugon tuhon saged awujud tembang, parikan, geguritan, ugi
pitutur- punapa kemawon. Wonten ing masyarakat jawa nyawisaken bilih Etika
dipundadosaken salag satunggaling tonggak menawi tiyang jawi saged dipunwastani
wong jawa ingkang satuhu utawi tenan wong jawa. Ingkang dados tandha bilih wong
jawa mangertosi punapa babagan etika jawa. Wujud etika menika salah
satunggaling kabudayan ingkang sampun dipunajaraken dhumateng anak putu.
Ingkang dipunparingaken dhumateng anak putu mawi cara punapa kemawon. Saged
awujud cerita, peninggalan, tembang, lsp. salah satunggaling wujud kabudayan
kagem paring wulangan babagan etika jawa awujud gugon tuhon.
Gugon tuhon, utawi ingkang asring
dipunsebat pamali, salah satunggaling budaya wewarah dhumateng tiyang jawi.
Gugon tuhon menika saged kagem ajaran saking tiyang sepuh dhumateng putranipun,
utawi para guru dhumaten muridipun. gugon tuhon menika awujud pitutur ingkang
boten pantes menawi dipunlakoni wonten ing gesang bebrayan, ugi saged dadosaken
cilaka dhumateng sinten kemawon ingkang glanggar wewarah saking pitutur gugon
tuhon menika. Awit saking menika para putra kedah nyingkiri punapa ingkang
sampun diparingaken wonten ing gugon tuhon menika, meski kadang ugi boten saged
dipun-nalar pikiran kita.
Gugon tuhon utawi wewarah menika kathah
ingkang dipunparingaken dhumateng para putra mawi langsung lisan utawi pitutur
kemawon, utawi saged awujud cerita, legenda, tembang, ugi punapa kemawon.
Kathah cariyos ingkang mratelakaken babagan gugon tuhon. biasane gugon tuhon
menika ingkang wonten ing cariyos bakal bakal dipatuhi dening masyarakat.
Meskipun kathah cariyong utawi pitutur ingkang boten masuk akal pikiran kita.
Nanging menika salah satunggaling wujud kearifan lokal ingkang kedah
dipunlestarekaken.
Dene tembung Gugon tuhon asale saka
tembung ‘Gugu’ dene Tuhon asale saka tembung ”Tuhu’. Bilih gugon tuhon menika
kedah disingkiri kathi satuhu. Sinten kemawon ingkang boten sarujuk kaliyan
wewarah menika saged nemu kacilakan. Katha sanged gugon tuhon wonting ing
masyarakat jawi menika ingkang gunanipun kagem caos pitutur babagan etika
tiyang jawi wonting ing gesang bebrayan.
Gugon Tuhon dibedakke dadi 3 perangan,
yaiku Gugon Tuhon Salugu, Gugon Tuhon Isi Wasita Sinandi, lan Gugon Tuhon Klebu
Wewaler.
1. Gugon Tuhon Salugu
Bocah / kang dadi paragane bethara
kala. Manut dedongengan yaiku bocah sukerta.
Manut kapercayan bisane waluya lan
lestari uripe. Kudu diruwat saran ditanggapake wayang lakon “Amurwa Kala”.
2.
Gugon Tuhon Isi Wasita
Sinandi
Pitutur kang ora dilairake kanthi melok
/ dikandhakake kanthi semestine. Sing akeh-akeh nganggo tembung ora ilok, kang
setemene ora becik.
Tuladha gugon tuhon isi wasita sinandi:
·
Aja
ngidoni sumur, mundhak suwing lambene. Tegese idu kang tumiba ing sumur bisa
njalari regede banyu, luwih-luwih idune wong kang duwe lelara nular.
·
Aja
nglungguhi bantal, mundhak wudunen. Bantal kuwi ganjel sirah, upama digawe
ganjel bo**ng mesthi bae saru utawa ora becik.
3. Gugon Tuhon Kalebu Wewaler
Yaiku kalebu wewaler saka sabdane utawa
pangandikane leluhur / wong kang dadi bakal ing babagan iku.
Tuladha: Wong ing Banyumas ora kena
lelungan dina Setu Paing. Wong-wong ing Banyumas manggih cilaka nalika tindakan
ing dina Setu Paing.
Wonten kathah wujudipun gugon tuhon,
salah satunggaling awujud cariyos gugon tuhon masyarakat ingkang boten
pareng tindakan mawi dinten Setu paing. Gugon tuhon menika saking Adipati
banyumas ingkang kalah wonten ing perang pajang ing dinten Setu Pahing. Wonten
ing trdaisi jawa bilih sedanipun leluhur menika dados dinten sangaran utawi
kedah dipunsingkiri kagem ngawontenaken hajat punapa kemawon. Bilih
sakderengipun Adipati Banyumas seda, penjenenganipun paring wewaler yaiku: Ora
kena lunga ing dina Setu Pahing, Ora kena mangan daging banyak (angsa). Wewaler
menika salah satunggaling gugon tuhon ingkang digugu dening masyarakat Banyumas
ngantos dinten punika.
Wonten malih gugon tuhon saking
masyarakat Bagelen, Jawa Tengah bilih wewaler menika saking Nyai Ageng Bagelen
utawi Rara Bang Wetan. Wewaleripun inggih menika: (1) ora kena nganggo jarit
gadhung mlathi, (2) ora kena nandur dhele, (3) ora kena mbeleh sapi, (4) ora
kena lungan ing dina Slasa Wage.
Kathah sanget wewaler utawi wewarah
gugon tuhon ingkang wonten ing masyarakat jawa. Kadosta wewaler boten pareng
besanan utawi nikah kaliyan tiyang ingkang saking arah lor mangulon. Wewaler
menika sakinh sejarang ing Kraton Ngayogyakarta awit sedanipun Ki Ageng Mangir
ingkang sedanipun saking tangan mara tuwanipun piyambak.
Ugi wonten wewaler ingkang awujud
tembang. Salah satanggaling saking serat Pepali Ki Ageng Sela ingkang isinipun:
Pepali-ku ajinen mbrekati/ Tur slamet
sarta kuwarasan/ Pepali iku mangkene:/ Aja gawe angkuh/ Aja ladak lan aja jail/
Aja ati serakah/ Lan aja celimut/ Lan aja mburu aleman/ Aja ladak, wong ladak
pan gelis mati/ Lan aja ati ngiwa//
Tembang menika awujud tembang
Dhandhanggula. Wonten ing tembang menika sampun cetha punapa kemawon wewaler
ingkang dipunsebataken wonten ing tembang menika.
Dening: Imam
Maskur Rahmat
Ijin sedot ya Mam
ReplyDeleteterima kasih ilmunya ^-^
ReplyDelete