KASETYANING ASU MARANG BENDARANE 1

KASETYANING ASU MARANG BENDARANE

Sadurunge budhal ngumbah popok lan mususi menyang kali luwih dhisik mbok randha menehi pakan asune sing prasasat wis dadi  rewange ing omahe. Asu belang sing setya tuhu marang bendarane iku ketungkul anggone mangan sega turahan mau bengi dilawuhi gereh lan cuwilan tempe goreng turahan lawuhe mbok randha.

Dene anake sing isih bayi abang lagi umur rong lapan wis ditinggal mati bapake. Bayi abang iku diturokake ana amben tuwa sing digawe saka pring dipapanake ing tengah jogan. Amarga wis katog anggone nusu, si jabang bayi katon nglepus turu kepati.


Sinambi ngelus-elus gegere asune sing lagi ketungkul anggone mangan. mbok randha kandha kaya marang rewange sing bisa diajak rembugan "Jaganen anakku ya Asu belang. Aku arep budhal ngumbah popok lan mususi menyang kali Aja nganti ana sing ngganggu gawe anggone turu. Wis ya aku dak budhal". Asu belang mandheg sedhela anggone mangan, nyawang bendarane, mripate kethap-kethip, buntute kopat-kapit; upama bisa caturan mesthi wangsulan saguh ngayahi jejibahan.

Sawise mbok randha budhal menyang kali, asu belang nutugake anggone mangan. Sedhela-sedhela noleh bendarane cilik sing isih bayu abang turu nglepus ana amben ing tengah jogan Nganti sawatara suwe mbok randha anggone ngumbah popok lan mususi ana kali. Dene Si Asu belang sawise wareg anggone mangan banjur turu nglosot, ngglethak ing sacedhake cagak ora adoh saka amben paturone si jabang bayi anake mbok randha. Dumadakan ana ula sadhepa dawane mara nyedhaki paturone si jabang bayi. Kumresek lakune nasak kayu ricikan campur klaras lan godhong garing cedhak pawon ing pojok omah. Asu belang pancen nyata landhep pangrasa lan pangrungune. Ana suwara kumresek banjur tangi nggoleki asale suwara. Weruh ana ula nggremet ngener pernahe si jabang bayi sing lagi turu kepati ana amben, tanpa nyuwara Asu belang banjur nubruk ula mau terus dicakot kena tenggake nganti meh pedhot. Ula mau banjur klojotan, buntute nyabet-nyabet awake asu belang, mula banjur dadi gelut uleng.
Lumrahe yen ana samubarang utawa apa wae sing nyalawadi Asu belang banjur jegug sarosane. Karepe laporan marang bendarane utawa nundhung supaya tamu sing nyalawadi mau enggal lunga nanging ngadhepi ula sing mbebayani sing arep nyedhak jabang bayi sing lagi turu kepati mau Asu belang ora jegug babar pisan. Sajake kuwatir manawa gawe kagole si jabang bayi anggone turu, apa maneh lagi ditinggal embokne menyang kali.

Sawise ulane mati temenan ora obah gumlethak adus getih ana lemah ing pojok omah. Asu belang banjur mlayu nggendring nusul mbok randha sing lagi ngumbahi ana kali. Isih adoh saka papan panggonane mbok randha ngumbahi, Asu belang wis jegug-jegug seru banget. Mbok randha kaget banget weruh asune nusul jegug-jegig, cangkeme gupak getih dleweran, ambegane krenggosan. Bola-bali nyedhak banjut mlayu ninggal mbok randha nganthi rada adoh banjur nyedhak maneh karo isih jegug kanthi mripat pendirangan. Mbok randha gumun weruh solahe Asu belang sing beda lan padatan kuwi banjur tuwuh pangirane sing ora becik. Mengko gek mentas nyokot si jabang bayi sing ditinggal ana omah.

Asu belang digusah dijupukake watu arep dibalang banjur mlayu nanging ora suwe mara maneh karo isih jegug-jegug, mripate pendirangan kaya asu edan. Mbok randha duwe pangira manawa asune wis dadi asu edan sing ora ngreti marang bendarane. Mbok randha uga ngira manawa cangkeme Asu belang sing gupak getih nganti dleweran iku jalaran nyakot si jabang bayi sing lagi turu kepati ana ngomah. Mbok randha dadi nesu banget lan gugup, watu sing dicekel wiwit mau kangg ngagar-agari asune mau banjur dibalangake temenan kanthi sarosane kena sirahe Asu belang nganti pecah, getihe muncrat, Asu belang klesedan sambate memelas banget terus dadi lan patine.
Mbok randha enggal-enggal bali mulih selak kepengin weruh anake sing ditinggal dhewe ana omah. Kumbahane ora dijerengi dhisik nanging terus njujug papan paturone anake. Sepira kaget lan gumune mbok randha bareng weruh anake isih turu nglepus ana amben ora kurang sawiji apa. Dene ing cedhak pawon ana ula sadhepa dawane mati gumlethak gulune tatu nganti meh tugel.

Weruh kahanan kaya ngono iku mbok randha banjur kelingan marang asu belang sing mentas wae dibalang watu lan wis kebacut mati jalaran pecah sirahe. Mbok randha getun banget marang tumindake sing grusa-grusu banjur tuwuh pangira sing ora becik marang Asu belang sing satemene tansah setya marang bendara. Sanadyan mung wujud kewan nanging Asu belang pancen wis njilma, kaya-kaya ngerti marang kekarepane bendarane, mung wae ora bisa caturan kaya manungsa.

Sanadyan rasa bungah lan suka sokur marang Pangeran jalaran anake uwal saka bebaya, nanging mbok randha banjur tuwuh rasa welas lan getun keduwunge marang patine asu belang sing wis njilma kaya manungsa. Mbok randha banjur marani papan dununge asu belang sing wis mati siya-siya jalaran saka tumindake mbok randha ora tanggap marang sasmita kang arupa solahe Asu belang.

Anggone jegug karo mlayu mulih banjur bali maneh iku satemene aweh weruh marang mbok randha yen anake meh wae kena alangan sarta ngajak enggal bali menyang omahe. Getih sing isih pating clepret ana cangkeme Asu belang mau karepe. aweh weruh manawa asu belang mentas wae mateni ula sing arep nyakot anake mbok randha. Mangkono kuwi sajake carane Asu belang asung sasmita utawa aweh weruh marang bendarane, jalaran ora bisa caturan kaya manungsa nanging seje panampane tumrap mbok randha, Asu belang dikira malah wis dadi asu edan.

Mula kanthi pangira sing sulaya karo kanyatan sing dikarepake Asu belang mau wekasane mbok randha tumindak grusa-grusu Asu belang malah dibalang watu pecah sirahe dadi lan patine. Bangkene Asu belang dipendhem ana pinggir dalan menyang kali dipilihake papan sing rada kiwa sangisore wit trembesi sing rada edhum awit godhonge ngrembuyung.

Saking getun keduwunge, sanadyan mung awujud kewan tur ya wis kebacut mati, Asu belang kaya-kaya isih glibedan ana sandhinge mbok randha. Mangkono rumangsane mbok randha, mula saka iku mbok randha sing kalimput rasa sedhih lan getun keduwung mau banjur celathu. "Oh Asu belang, sanadyan wujudmu mung kewan, kowe wis dak ingu wiwit cilik nganti gedhe tansah setya tuhu marang sakulawargaku. Jebul patimu siya-siya jalaran saka gugupku Sanadyan kowe dudu manungsa, aku ngrumangsani luput lan njaluk ngapura dimen enggal bisa lerem atiku jalaran getun keduwuung anggonku tumindak grusa-grusu."
Sawise mendhem bangkene si Asu belang. mbok randha banjur menyat lan  enggal-enggal  bali kelingan  kumbahane sing durung dipeme sarta anake sing ditinggal dhewe ana omah ora ana kancane.



No comments:

Post a Comment