UPACARA adat "Mantu Kucing"

UPACARA adat "Mantu Kucing" minangka upacara adat kanggo njaluk udan ing dhaerahe wong-wong kang nganakake upacara adat kasebut. Upacara iki dianakake ing mangsa ketiga dawa, amrih dampake negatif ora tumarna marang masyarakat kang uripe ing saben dinane mung gumantung marang saka wulu wetune anggone nggarap tegal lan sawahUpacara adat iki asale saka tradhisi masyarakat Desa Purworejo, Kecamatan/ Kabupaten Pacitan. Kedadeyane ing jamah kawuri (ora disebutake taun pira) kacarita ana salah sawijining warga desa kang entuk"wisik"supaya udan, kudu nglaksa-nakake upacara "Mantu Kucing". Wektu iku para sesepuh desa banjur nganakake musyawarah kanggo nglaksanakake upa­cara "Mantu Kucing". .Istilah "Mantu Kucing" kaya lumrahe wong kang nganakake upacara temanten. Mung mligi ing upacara iki sing dimantu yaiku kucing. Kucing wedok asale saka Desa Purworejo, lan kucing lanang asale saka tangga pepet desa, yaiku Desa Arjo-winangun. Upacara iki sacara tradhisional dianakake ing pinggir saluran kali, papan kucing wedok sing dimantu (diopeni).Upacara "Mantu Kucing" iki dadi tradhisi ing Pacitan, ing salah sawijining kegiyatan kanggo njaluk udan. Upacara iki dianaka­ke yen dhaerah kasebut ngalami mangsa ketiga dawa. Kisah iki memper upacara adat ing Ke-rajaan Yunani Purba, yaiku wektu ketiga dawa rakyate nganakake upacara mbeleh wedhus lanang (tragos) amrih Dewa Zeus gelem nyeblokake udan ing dhaerah kang ngalami ketiga dawa. Nadyan sing di­mantu mung kucing, masyarakat Pacitanngarani kucing lelorone sing dimantu iku kanthi istilah "manten".Kronologi Upacara
Ing dina kang wis disarujuki, teman­ten putri diunggahake ing tandhu (saiki dilebokake krangkeng), diarak lan digawa menyang papan upacara. Papan kang dimaksud ana ing tapel wates desa kucing wedok, lan dipilih ing pinggir kali (saiki bebas). Ing papan iki temanten putri (ku­cing wedok) ngenteni tekane temanten kucing kakung. Temanten kakung (kucing lanang) kang asale saka Desa Arjowi-nangun.
Sawise temanten kakung teka ing papan kasebut banjur dianakake upacara temu temanten. Temanten kakung diarak kanthi pengiring kang nggawa sesaji lan barang "sasrahan" (barang sing dipasrah-ake) saka pihak"besan" kakung marang "besan" putri. Ing upacara sasrahan iki, temanten kakung (kucing lanang) diwakili dening salah sawijining wanita (ibu) Kepala Desa Arjowinangun. Pihak kang nampa yaiku wakil temanten putri (kucing wedok) kang diwakili dening salah sawiji­ning priya (bapak) Kepala Desa Purwo­rejo. Sawise upacara sasrahan, temanten kakung lan putri disandhingake (dijejer-ake), Sabanjure lelorone temanten iku di­arak tumuju menyang pinggir kali.Ing pinggir kali papan upacara kase­but dilaksanakake, Kepala Desa Purwo­rejo masrahake lelorone temanten ma­rang sesepuh desa (dhukun, kinaran Mbah Dullah). Simbah iki sing kapatah mimpin upacara ngedusi temanten kanthi banyu kembang. Temu temanten iki kinaran "jemuk". Sabanjure, sesepuh desa ngucapake donga lan mantra, kanthi linan-taran kucing loro (temanten kucing) sing didusi, banjur sesepuh desa nenuwun marang Gusti Allah supaya pinaringan udan,
Rampung iku dibacutake upacara nga-lap berkah. Upacara iki arupa slametan kanthi ubarampe tumpeng sega kuning. Sawise didongani dening sesepuh desa, warga masyarakat nganakake acara mangan bareng kang kinaran "kembul bu-jana punar" tegese sacara giliran (ora royokan) warga desa kang ngestreni upa­cara padha njupuksega kuning. Tumpeng sega kuning sing nyiapake pihak te­manten kakung (Kepala Desa Purworejo);
Pungkasane, sawise rampung upacara ngalap berkah, upacara dibacutake kanthi acara sungkeman. Pihak kulawarga te­manten kakung lan putri genti genten nganakake sungkeman minangka pra-tandha pungkasane upacara "Mantu Kucing". Simbah dhukun njaluk marang kabeh warga kang ngestreni upacara supaya enggal-enggal ninggalake papan upacara, tumuju menyang omahe dhewe-dhewe kanthi slamet. Upacara adat "Mantu Kucing" nggunakake tetabuhan pengiring solawatan, lan memper kaya tradhisi khataman nabi

No comments:

Post a Comment