TRADHISI yaiku salah sawijining bab kang angel diowahi utawa diganti, amarga wis kadhung nyawiji ing panguripan masyarakat pendhukunge. Wondene kupatan yaiku salah sawijining istilah kang asale saka tembung "kupat". Yaiku jenenge panganan saka beras sing dilebokake ana jero kothak nam-naman janur, lan digodhong suwene patang jam. Ujare kandha panganan iki ana nalika jaman Wali Sanga, minangka gantine lonthong. Digawe saka janur lan disugunake beba-rengan karo panganan sing ana santene amarga dipercaya yen wit klapa kalebu wit sing piguna banget, wiwit saka wite, oyode, godhonge, wohe, banyune, sepete, bathoke kena dimanfaatake kanggo panguripan manungsa. Saengga, manungsa kudune niru lan manfaatake umure marang sapadane. Saliyane iku wujud kupat sing pesagi dipercaya nglambangake rukun Islam kang kapapat yaiku pasa ing wulan Ramadhan.
Kupatan uga ngemu teges minangka simbul sabar narima. Tradhisi kupatan kebak makna filosofis. Saora-orane ana telung pemahaman teges kang berkem-bang ing masyarakat bab panganan kang bahan bakune saka beras dibungkus nam-naman janur kasebut. Kabeh teges iku tumuju marang sawijining pengetan Ibadah kang ana sambung rapete karo masyarakat. Kalebu sawijining wujud zikir umat Islam Jawa marang Gusti Allah. Wondene kang paling klasik yaiku kupat ngemu teges njaluk sepura. Kupat akronim saka kula lepat. Wong Jawa nganggep sampurnane pasa lan lebaran yen wis kupatan, yaiku ngakoni kesalahane sing wis ditindakake sadurunge. Banjur njaluk sepura marang wong sing nate disalahi. Caranecukup alus, yaiku kanthi ngeteri kupat. Saka cara iki, kupat minangka simbol sabar narima.
Tembung "kupat" asale saka basa Jawa, ing tata bahasa Jawa ana sing jenenge jarwa dhosok, yaiku gabungan wanda saka maneka tembung sing ngemu teges sing dikandhut dening sawijining basa sing dijarwo dosok-ake. Tuladhane, kodhok = teka terus ndhodhok, kupat = cukupa sing pa-pat, yaiku: lebaran, leburan, laburan lan luberan.
, sabenere wis akeh sing ngrembug, yaiku kemenangan tumrap umat muslim sawise perang suwene sawulan lumawan hawa nafsu lan nindakake kuwajiban ing wulan Ramadhan. Sawise bar (lebar) pasa kita pikanthuk bebungah arupa idul fitri, yaiku bar resik.
Leburan, asale saka tembung lebur, yaiku maneka dosa kita marang wong tuwa, kadang, mitra, lan kabeh sing nate kita dzalimi, dilebur ing wulan fitri.
Laburan, asale saka tembung labur (dilabur), biyasane wong nglaburtembok utawa omah kanthi gamping sing rupane putih. Nalika ing proses leburan isih ana salah siji utawa loro wong sing nate kita dzalimi lan kita durung kober menehi sepura utawa disepurani, prayogane kita labur/cat kanthi rupa putih. Tegese ya sabisane kita ngedohi maneka iri drengki, salah lan dosa kanthi niat langsung me¬nehi sepura.
Luberan, asale saka tembung luber sing tegese keluwihen, tumrap wong tuwa utawa sing dianggep tuwa biyasane menehi angpao marang bocah-bocah. Utawa ing bab liya, yen ana sing turah prayogane diwenehake marang sing isih mbutuhake. Ing werdi sing kapapat iki ana sambung rapete karo tradhisi mudhik.
Nah kira-kira mangkono, sing bisa dijupuk saka tradhisi kupatan. Yen didelok saka niyate simbah-simbah kita biyen, pancen mulia banget tujuane, sing ngemas tujuan pendhidhikan halal bihalal sacara prasaja, yaiku liwat kupat sing digawe saka beras sing dibungkus nganggo janur.
Tradhisi syawalan utawa sing biyasa kinaran kupatan yaiku sawijining tradhisi prayakan sing dilaksanakake seminggu sawise riyaya. Mligi ing dina riyaya kupa¬tan, tradhisi nyawisake panganan saka beras sing dibungkus janur iku wiwit lumebu ing tanah Jawa nalika agama Islam ditampa masyarakat. Sunan Kalijaga yaiku wong sing sepisanan ngenalake tradhisi kasebut. Panjenengane sing mbu-didayakake bada (riyaya) kaping pindho, yaiku bada lebaran sing tumiba tanggal 1 Syawal, lan bada kupat sing lumaku seminggu sawise lebaran. Sabenere tradhisi bada kupat minangka simbul yen wong sing nggawa kupat iku, wong sing ngaku lepat.
Perlu kawuningan, sejarah tradhisi kupatan asale saka tradhisi Wall Sanga. Kupat utawa tradhisi Jawane kupatan ora mung saderma tradhisi lebaran kanthi su-guhan kupat, jinis panganan utawa beras sing dimasak lan dibungkus janur wujude prisma lan persegi. Sebab, kupatan ndu-weni teges lan filosofi kang jero. Saka sisi sejarah, tradhisi kupatan budhal saka upaya-upaya Wali Sanga nglebokake ajaran Islam. Amarga jaman biyen wong Jawa tansah nggunakake simbol-simbol tartamtu. Tradhisi kupatan pungkasane nggunakake simbul janur utawa godhong klapa sing rupane kuning.Saka sisi bahasa, kupat tegese ngaku lepat utawa ngakoni kesalahane. Pas karo momen lebaran, kupat ngusung semangat sepura dingapura, semangat tobat marang Gusti Allah, apadene manungsa. Kanthi pangarep-arep, ora ana maneh kaluputan ing tembe mburi. Kupat ing basa Arab wujud jamak saka kafi. Yaiku, kuffat sing ateges wis cukup pangarep-arep. Kanthi nindakake pasa sawulan ing wulan Ramadhan, banjur lebaran 1 Syawal, lan dibacutake kanthi pasa sunnah nem dina Syawal, mula wong-wong sing kuffat rumangsa cukup ibadahe, Apa maneh adhedhasar hadits riwayat Imam Muslich yen Ibadah kasebut padha karo pasa suwene sawulan. Mula saka iku, kuffat ateges wong-wong sing wis rumangsa cukup. Luwih-luwih ditambah maneh karo tradhisi silaturahim suwene seminggu marang sanak kadang lan masyarakatsakitere. Saengga, tradhisi kupatan bener-bener dianggep komplit.
Saka sisi simbule, dipilihe janur amarga janur bisa digunakake masyarakat Jawa ing upacara-upacara wigati. Umume, dipasang wektu ana pahargyan temanten utawa momen nyenengake liyan. Janur ing basa Arab asale saka tembung Jaa Nur utawa teka cahaya. Sawijining pangarep-arep cahya tumuju rahmat Allah, saengga kawujud negara makmur lan kebak berkah. Wondene isine, dipilih beras apik sing dimasak dadi siji saengga mbentuk kempelan beras sing kempel banget. Iki uga nduweni teges dhewe, yaiku kerukunan lan kemakmuran. Pangarep-arepe para Wali Sanga biyen, tradhisi kupatan iki dudu sawijining formalitas, ning dadi semangat kebersamaan umat. Saliyane iku, kupatan kanthi potongan miring minangka simbol wanita. Potongan kupat miring kasebut biyasane dijejerake karo lepet sing bahane beras ketan kanthi wujud lonjong minangka simbol priya. Tegese pasutri (pasangan suami istri) uga kudu tansah urip rukun.
Didelok saka sudhut liya kupat dipilih minangka simbul dina suci tumrap umat Islam, amarga kupat sisi akehe papat. Yen didelok saka ajaran Islam, rukun Islam sing kapapat yaiku pasa. Saben umat Islam diwajibake pasa ing wulan Ramadhan. Godhong sing digunakake kanggo mbungkus yaiku godhong klapa. Masyarakat umum uga wis akeh sing ngerti yen wit klapa minangka wit kang piguna saka oyod nganti blarake. Dadi, bisa dikan-dhakake yen kupat nduweni pesan "muga-muga anggone nindakake pasa saka awitan nganti pungkasan piguna lan bali dadi putih sarta suci kaya isine". Wong Jawa ngartekake tembung "kupat" minangka tembung camboran, kanthi njupuk wandane. "Ku" minangka singkatan saka tembung "kula" tegese aku. Wondene "pat" singkatan saka tembung "lepat" kang tegese kaluputan. Dadi werdine bebase wong saka kalepatan. Saengga liwat ritual mangan kupat ing dina riyaya kupat masyarakat Jawa sacara sadhar padha menehi sepura, mbebasake kalepatan lan nglebur dosa kanthi simbolisasi kupat.
No comments:
Post a Comment