Putri Rembulan lan Srengenge
Putri Rembulan lan Srengenge
Dening Sri Astutik
Pak Su lan Bu Tri mujudake wong tani kang wekel nyambut gawe. Manggone ing sapinggire alas kang ora adoh saka kutha raja. Uripe tentrem lan akeh asile olah tetanen, Mung emane, wis 20 taun anggone urlp bebrayan durung pinaringan momongan. Wis akeh tabib sing dltekakake supaya bisa aweh pitulungan.
Ning, Gusti Allah uga durung mlnangkani pamundhute.
Sawijining bengi, Bu Tri tali ora nyinggahake susu wedhuse sing diseleh ing latar ngarep. Rembulan madhangi bengi iku lan mandheg sedheia ing dhuwur mangkoksusu ksb. Susu iku dijarake nganti esukwektu srengenge ngatonake cahyane. Eloke, watara sesasi candhake, Bu Tri ngrasakake rasa aneh ing wetenge. Pak Su ngira yen bojone kuwl lara. Sabanjure digawa menyang tabib, ning saeba senenge wong !oro iki nalika krungu yen wis ngandhut. "Mbobot?" kandhane sing lanang sora. "Ya lan kandhutane wis umur sawufan," kandhane tabib mau Wolung sasi bacute, banjur lair si jabang bayi, jinise wanita..Rupane ayu, kulite putih lan mancarake cahya. Rambute ireng. Rasa gumbira uga dirasakake dening tangga teparo lan sanak kadange. Kabeh ngaiembana ayune bay! kuwi. "Mesthine Ing tembe mburi mengko bakaf dadi putri kang ayu rupane. Mung Pangeran kang bisa ngrama dheweke," kandhane salah sawijining tangga teparone.
Anake Pak Su lan Bu Tri pancen wusanane dadi wanita kang sulistya. Mung emane, bocah iku ora sampurna. Dheweke babar pisan ora bisa omong, nadyan dheweke ngerti omongane wong. Coba ditambakake menyang tabib ning asile ora ana.
"Ora ana obat lan cara kanggo marasake," kandhane para tabib.
Sawijining dina, ana Pangeran kang kabeneran lagi mbebedhag. Pangeran ksb meruhi kenya kuwi nalika dolanan ing latar omahe. Pangeran iku dumadakan kesengsem karo kenya iku. Dheweke mara menyang wong tuwane saperlu arep diboyong menyang istana. Bapake kaget lan bingung anggone mangsuli amarga anake bisu.
"Apa Pangeran gelem karo anakku sing bisu?"
"Ora papa, nadyan dheweke bisu, arep taktsmbakake menyang tabib ngendi wae. Yen perlu arep tak gawa menyang njaban rangkah. Sapa ngerti ana asile" kandhane Pangeran iku.
Wusanane paiakrama mau kedadeyan kanthi regeng lan gayeng. Paduka Raja dhewe ora kabotan kagungan mantu kang ayune ora ana tandhinge kuwi.
Sawise pesta perkawinan suwene 35 dina, banjur dianakake sayembara kanggo marasake penyakite Putri. Sawetara iku para tabib saka maneka negara padha nyoba nambani kanthi pangarep-arep antuk bebungah gedhe saka sang Raja. Ning ora ana siji-sijia sing bisa. Sayembara ditutup tanpa asil. Sang Raja ian Pangeran sedhih nyumurupi kasunyatan iku.
Sawijining bengi, Putri nampa tamu para wanita kang ora disumurupi asale saka ngendi. Putri katon seneng banget nampa tamu-tamu mau. Prastawa kang banget nggumunake kedadeyan. Sang Putri dumadakan bisa omong kaya lumrahe manungsa. Malah dheweke katon raket karo tamu-tamune. Ora ana wong siji-sijia sing weruh sapa tamu-tamu nyalawadi iku kejaba Putri dhewe.
Pangeran banjur nyoba nindakake penyelidhikan dhewe. Tengah wengi, putri metu saka kamar lan nemoni tamu-tamu asing ing puri khusus tamu. Tamu iku wanita-wanita ayu kaya widodari kang teka kanthi nggawa kembang. Sang Putri seneng nyritakake sakehing bab. Pangeran ngrungokake kanthi premati. Dumadakan tanpa dinyana-nyana, Pangeran mireng salah sijine tamune kandha marang Putri:
"Emane, sisihanmu ora pinter. Saupama dheweke gelem kandha yen ramamu srengenge lan biyungmu rembulan sarta sedulurmu lintang-lintang, kowe mesthi bisa omong-omongan karo dheweke" kandhane tamu mau.
"Ben wae, ben rahasia iki ora kebongkar," kandhane Putri.
Krungu tembung-tembung mau saiba senenge sang Pangeran. Esuke, nalikane kekarone padha sarapan, Pangeran kandha marang Putri.
"Dhiajeng, wls suwe aku ora kandha marang sliramu. Yen ramamu iku sawijining srengenge kang gagah prakosa. Biyungmu rembulan kang cahyane padhang njingglang, lan sedulurmu lintang-lintang kang pating kerlip endah ngrenggani langit ing wayah bengl?"
Sanalika Putri kaget krungu tembung-tembung iki. Sanalika dheweke bisa omong karo manungsa lumrah. Paduka Raja uga gumbira. Pangeran wis janji ora bakal. nyritakake rahasia iki marang sapa wae. Sabanjure, Pangeran lan Putri pinaringan putra akeh.
Saben bengi, Putri isih kerep nampa tamu asing sing ora dingerteni wong liya. Tamu-tamu asing iku yaiku lintang-lintang Ing iangit kang nyamudana dadi menungsa, lan crita bab kang bakal dumadi, sarta mbedhah rahasia panguripan. Kanthi sabiyantune lintang-lintang iku negara iku maju lan ngalahake negara liyane. Geneya? Sebab, negara iku dipadhangi rembulan lan srengenge. ***
Labels:
Cerkak
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment