Dening Sutrisno Magersari
Kagem masyarakat Jawa, upacara adat "bayen" punika ngandhut tujuan luhur nyadhong kanugrahan, pangayoman, saha kawilujengan bay! (calon bayi) saking ngarsanipun Gusti Ingkang Akarya Jagad (Allah SWT). Biasanipun, upacara adat bayen punika kawiwitan saking calon bayi nalika wonten kandhutan pitung wulan (tingkeban) ngantos calon bayi dipun lairaken (ngantos umur pitung wulan). Upacara adat bayen punika kaperang dados tiga: (1) upacara tingkepan/ mitoni, (2) upacara nyambut lairipun jabang bayi, saha (3) upacara wilujengan bayi pitung wulan. Kanthi gamblang perangane upacara adat bayen punika saged kababar makaten :
1) Upacara Tingkepan (Mitoni)
Upacara tingkepan utawi mitoni punika katindakaken nalika calon ibu ngandhut putra pambarep umur pitung wulan. Wonten pinten-pinten perangan tatanan upacara tingkepan utawi mitoni ingkang dipun yakini dados sarana tolak balak utawi sarana kangge nyuwun pangayoman wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Tatanan upacara tingkepan punika saged kaperang dados wolu: (a) adat blosot endhog/tigan, (b) adat medhot benang lawe, (c) adat nyebar beras kuning, (d) adat busana tingkepan, (e) adat cengkir gadhing, (f) adat pupus pisang, (g) adat siraman, saha (h) prosesi adat tingkepan.
- Adat Blosot Endhog/tigan
Blosot endhog/tigan punika teges-ipun pranatan nglebetaken endhog/ tigan ayam wonten rasukanipun/ kemben calon ibu wiwit saking dhadha ngantos dhawah saha pecan wonten bantala, kanthi donga makaten "Minongko jabang bayi sing dikandhung niat ingsun mblosokaken endhog prosat prusut slamet anggenipun nglairaken jabang bayi."
- Adat Medhot Benang Lawe
Pranatan: benang lawe minangka sabuk (ikat pinggang) saha tigan ayam kalih dipun pangku dening calon ibu. Sakla-jengipun benang lawe dipun pedhot dening calon bapak ngantos salah setunggaling endhog/tigan pecah. Menika ngandhut pralambang supados jabang bayi saged lair lancar lan gampil kados pecahipun tigan. Tigan ingkang mboten dhawah/pecah dipun paringaken calon ibu supados dipun dhahar kuningipun (kuning telur) kangge kekiyatan saha kasantosan raga. Saksampunipun dhahar kuning endhog, calon ibu kedah ngunjukjamu ramuan supados payu-daranipun saged subur kebak toya susu kangge calon bayi.
- Adat Nyebar Beras Kuning
Pranatan: sakderengipun acara kawiwitan, tetua adat (sesepuh) maos donga dipunlajengaken nyebar beras kuning. Dhukun bayi ugi maos donga dipunlajengaken potong rambut calon ibu kanthi maksud tolak balak (mbuwang sangkal). Calon bapak mecah krambil gadhing, dipunpasrah-aken calon ibu supados digendhong kados bayi.
- Adat Busana Tingkepan
Pranatan:. calon bapak ngagem sarung, calon ibu ngagem kain/ kemben, tiang sepuh kakung ngage kejawen, tiyang sepuh putri: ngagei kebayak lurik/jarik lurik kemben, pengapit putri ngagem rasukan cemeng/bathik, saha sesepuh/Pe-nyiram: ngagem kejawen. Panggen; pasiraman dipun hiasi tetanduran/ pethetan kembang ingkang seger/ wangi saha dipun cepaki genthong 1 saking pitung sumber.
- Adat Cengkir Gadhing
Pranatan mecah cengkir gadhinc krambil degan. Cengkir dipun gamb tokoh wayang Dewi Ratih saha Bath Kamajaya kanthi pangajab, upami le putri kados Dewi Ratih ingkang suli: ing warno saha umpami lair kakung saged bagus kados Bathara Kamaja Pecahipun cengkir ugi mawi teges: pecah tengah Insya Allah jabang ba lair putri, pecah pinggir lair kakung.
- Adat Pupus Pisang
Pranatan: calon ibu diparingi sembong pupus pisang dening sesepuh. Cengkir gadhing ingkang sampun dipun gambari dipun lebetaken wonten sembong pupus pisang. Cengkir gadhing dipun dhawahaken. Kawiwitan cengkir gambar Harjuna/Kamajaya ingkang dipun dhawahaken, sesepuh maos donga "Lanang-lanang-lanang... gantheng-bagus-ganteng-bagus". Kalajengaken cengkir gambar Sem-badra/Dewi Ratih ingkang dipun dhawahaken, sesepuh maos donga: "Ayu-ayu-ayu... manis-manis-manis-luwes-gandhes".
- Upacara Adat Siraman
Pranatan: wonten upacara siraman punika dipun wiwiti tata cara sung-keman dhumatheng bapak/ibu saha sesepuh. Adat siraman dipun tinda-kaken supados calon ibu saha calon bayi seger waras wiris saha wangi.
- Proses/ Adat Tingkepan
Prosesi upacara adat tingkepan punika dipun pimpin dening sesepuh minangka sutradara ngantos upacara purna. Calon Bapak/ibu sakderengipun wudhu toya kendhi, kedah ngagem ron pupus pisang kanthi tujuan supados kelairan si jabang bayi saged lancar lan cepet kados toya mill wonten ing pupus pisang. Saklajengipun sesepuh mun-dhut kendhi kanti pangucap : "Ora mecah kendhi nanging mecah kelairane si jabang bayi... kendhi pecan ajur mumur lan para kadang sami rebutan kreweng kendhi minangka jimat/ gangsar rejeki.
'~
2) Upacara Lairipun Bayi
Upacara lairipun bayi punika ka-wiwitan nalika bayi lair ngantos umur pitung dinten/ tigang dasa enem dinten (selapan) Umumipun, upacara adat lairipun bayi punika wonten enem perangan inggih punika: (a) adat barokohan, (b) adat adi ari-ari, (c) adat cuplakan, (d) adat donga jabang bayi, (e) adat tibakan, saha (f) adat mbu-wang bayi. Upacara adat lairipun bayi punika saged kawedhar makaten :
(a) Adat Barokohan
Pranatan: adat barokohan dipun tindakaken nalika si jabang bayi lair, para sedherek/ tanggi (kaum ibu) sami nyengkuyung/nyambut lairipun jabang bayi saha sami ngasta bingkisan arupi wedhak, sabun, lan kopi/teh. Saklajengipun dipun wontenaken wilu-jengan "brokohan" ingkang dipuntindakaken dening para ibu saha dipimpin dening dhukun bayi.
(b) Adat Adi Ari ari
Pranatan: miturut keyakinan, lairipun si jabang bayi punika sesarengan kaliyan sedherek kembaranipun. Sedherek sepuh arupi toya kawah ingkang medal sak derengipun bayi lahir, lajeng dipun sebat"kakang kawah". Sedherek anem arupi ari-ari (duluran), lajeng dipun sebat "adi ari-ari" ingkang lair sak sampunipun si jabang bayi. Ari-ari punika lajeng dipun wadhahi kendil, ditanem wonten ngajeng griya sisih tengen, dipun siram ngangge toya kembang telon, diparingi lampu senthir, saha ditutup kranjang minangka pangayom/keamanan. Cok-bakal lan tumbak sewu dipun pasang wonten ngajeng griya sebelah kiwa. Saklajengipun ron widara, alang-alang, lan pandan duri dipaku wonten saka/ cagak griya.
(c) Adat Cuplakan
Pranatan: adat cuplakan "tali puser coplok" biasanipun katindakaken nalika jabang bayi watara umur gangsal dinten. Istilah cuplakan punika saged ugi kasebat istilah "sepasaran", sepasar tegesipun gangsal dinten. Adat cuplakan punika mawi teges raos syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos.
(d) Adat Donga Jabang Bayi Pranatan: jabang bayi digendhong, lajeng dhukun bayi matek aji "doa pengasihan", kanthi pangajab jabang bayi mbenjang saged dados priyantun luhur, kebak ing sih katresnan, kormat marang tiyang sepuh, saha migunani tumprap keluarga, bangsa, lan agama.
(e) Upacara Adat Tibakan Pranatan tibakan dan potong rambut: upacara kawiwitan dening rombongan santri maos sholawat nabi, kairing tabuhan terbangan (rebana). Si jabang bayi dipotong/dicukur rambut-ipun dening sesepuh/kyai, lajeng digendhong bapakipun, diajak muter nyambut para tamu, lan diolesi bedhak/ tepung beras dicampur kembang telon. Para tamu/santri diaturi ngusap rambut-ipun bayi ngagem toya kembang telon.
(f) Upacara Adat Buang Bayi Pranatan: upacara adat buwang bayi mawi teges kangge mbuwang sengkala (nafsu jahat) jabang bayi ingkang dinten lair saha pasaranipunsami kaliyan bapak utawi ibunipun Caranipun: dening bapak/ibunipur bayi dipun wadhahi ikrak lajeng di seleh wonten pluruhan (tempat sa gajeng griya) kanthi paseksen par sepuh/pinisepuh. Ing antawis wee bayi dipun pendhet dening sesepi lajeng kapasrahaken dumateng be ibunipun.
3) Upacara Adat Wilujengc Bayi Pitung Wulan
Upacara adat wilujengan bayi wulan punika dipun tindakaken n; bayi umur watawis pitung wulan. yakinan adat selametan sampun lumampah turun temurun. Upaca adat punika kaperang dados tiga adat 1. banyu kembang setaman, 2. damar kembang, lan 3. adat bayi tetel
- Adat Banyu Kembang Set
Pranatan: bayi pitung wulan < siram ngangge toya kembang se' (manca warna) utawi "banyu ge< Tegesipun supados si bayi engga ageng lan pinter kangge ngadhe maneka warni cobaning gesang ing alam donya. Saklajengipun, < sesepuh bayi dipun pasrahaken mateng bapak/ibunipun supado; tuntun (latihan mplampah)
(b) Adat Damar Kembang
Pranatan: Damar Kambang ( kapas kanthi bahan bakar minyc krambil) dipun pasang wonten \ kanthi pralambang pepadhange wonten ing alam donya. Beras ^ dipun sebar wonten ngajeng gr kangge tolak balak supados jiw< luhur dan wibawa.
(c) Adat Bayi Tetel
Pranatan: bayi dipun lengga dening sesepuh supados mend dolanan ingkang dipun remeni. ipun, mbenjang bayi sampun d saged dados priyantun jumbuh cita-citanipun. Conto: bayi mer buku, mbenjang dados tiyang \ bayi mendhet arto, mbenjang < tiyang sugih, lan bayi mendhet mbenjang dados kyai/ulama.
Upacara adat "Bayen" keda uri minangka pralambang gese kagem katentreman, kawilujer betahan spiritual, saha pelesta daya/adat leluhur. Mugi sami rahayu.
mantap
ReplyDeleteTingkeban napa boten ngatrepi sekawan wulan bapa?
ReplyDeleteRahayu sagung dumadi🙏