Abang Bata
DINANE Senen. Aku kudu budhal luwih esuk. Awit kudu nyiapake upacara bendera. Jane ya wis ana guru olahraga Nanging aku kurang sreg yen ora nunggoni. Awit guru olahraga-ne isih enom, gek isih GTT. Pengalaman mulang lan ngatur ika-iki durung mumpuni. Sauntara Bu Darsini guru kelas nenem sing padatan nyiapake upacara, rada mopo sajege ana guru olahraga-ne. Ke-peksa aku sing kudu ngalahi. Nanging esuk iki aku jan anyel. Awit putuku sing sekolah neng PAUD ndadak rewel. Gara-garane, njaluk adus merga weruh kancane ana sing wis budhal se¬kolah. Hla wektu semono aku lagi nggoreng tempe. Rada kesusu-susu, wong wis men jam setengah pitu. Iki risikone yen ora duwe pembantu. Biyen tau duwe pembantu, ning banjur mulih jare ora krasan. "Kuuung ... Denty nyuwun adus ... tulung dusana!"
panguwuhku marang kakunge Denty.Ora ana wangsulan. Uga ora ana wong mencungul. "Ti ... ayo aku iyamana ... kae Titin wis budhal...!" Denty nggregik.
Emosiku muncrat. Denty dakcethot. Tanpa mikir tempene gosong, aku mbra-dhat nggoleki kakunge. Jebul wonge lagi janggrungan karo Pak Demun neng sandhing regol.
"Mas! Denty kae dusana! Aku sik repot nggoreng tempe!" wuwusku.
Mas Kardono - ya mbah kakunge Denty - noleh, nuli kluyur-kluyur karo rada ingah-ingih. Aku nggeblas ndhisiki nginguk wajan. Hla tenan. Tempene gosong. Emosiku saya munggah. Denty sing isih nangis dakuman-uman. Untung enggal dituntun kakunge menyang jedhing.
*
Tekaku neng sekolahan wis meh jam pitu. Langsung bocah-bocah sing lagi gladhi resik. Rajikan katon epyoh anggone ngatur. Hla ya guru enom isih GTT pisan. Durung duwe wibawa. Bocah-bocah bias ora wedi. Ditata angel. Nganti Rajikan katon kecipuhan.
Meruhi kahanan kasebut emosiku bali ndedel. Ora taha-taha bocah sing mbanggel dakjongkrok-jongkrokake su-paya enggal tata. Lagi ngono ndadak mripatku ngonangi, Parji - sukwan penjaga - olehe nyapu latar durung rampung. Katon ing kana-kene isih katon uwuh pating kececer. Sakala dhadhaku kaya jebol ngempet rasa mangkel.
Embuh ora preduli, bel langsung dak-tabuh wong pancen wis jam pitu. Bocah-bocah calon peserta upacara apadene pe-tugas upacara sing lagi rampung gladhi resik, gage mbalik ing papane sakawit, mbentuk pormasi upacara. Kanca guru sing sakawit ana njero ruwang guru, pating brudhul metu. Karo rada ingah-ingih. Sajake ngreti aku lagi muring.
Upacara kawiwitan. Kabeh bisa luma-ku rancag. Tiba giliranku ing acara ama-nat pembina upacara, aku maju kanthi gagah tumuju podium. Bubar nampa pa-kurmatan, pasukan dingasokake. Aku minangka Pembina Upacara langsung sesorah. Bawane saka ngomah wis nggawa ati mangkel, ora wurung amanatku sasat mung isi panguman-uman. Wiwit saka bocah-bocah sing kurang ngajeni gurune nganti tekan Parji sing ora jegos tandang gawe. Untung isih bisa ngampah ora nganti nyemprot kanca guru sing akhir-akhir iki sikepe padha cuek lan masa bodoh.
Upacara bendera rampung. Bocah-bocah mlebu kelase dhewe-dhewe. Se¬mono uga para guru kelas. Mung kari guru mapel (mata pelajaran) sing isih kari ing ruwang guru. Aku ya wis mlebu ru-wanganku. Lungguh ing kursi empuk samburine meja kepala sekolah. Kipas angin dakuripake, saengga kringetku sing sakawit mruntus wiwit atus.
Lagi bae arep neken RPP-ne kanca-kanca dadak mak bedhengus, Parji mlebu langsung mapan lungguh ing kursi tamu tanpa nothog lawang. Meh bae emosiku muncrat maneh.
"Eneng apa Ji?" pitakonku njangkar. Wong pancen Parji ki isih enom.
"Anu Bu ... badhe matur. Kula nyuwun ngapunten. Wau darnel dukane Ibu. Dug! kula wau enjing panci kesiangen. Anak kula sakit, wau dalu mboten nilemaken. Dados kula radi karipan. Sepisan malih nyuwun ngapunten."
"lya, ra apa-apa. Sing penting aja di-baleni maneh."
"Enggih Bu. Nanging... anu Bu. Nuwun sewu. Sareng kula pikir-pikir prayogine kula medal mawon."
Aku kaget,
"Metu? Karepmu kepriye?"
"Nggih medal king sekolahan ngriki. Pados damelan lintune mawon."
Aku njenger. Parji dakpandeng adreng.
"Wonten ngriki ingkang kula ajeng-ajeng napa ta Bu. Gobi, sukwan pun pitung taun dereng onten ungup-ungupe saged dipunangkat."
"Jane eman Iho. Ning yen karepmu ngono, aku ya ora wenang menggak. Mung yen isa pikiren maneh kanthi ati wening," aku nyoba ngeman. Nanging Parji puguh ing niyate. Dina sesuke wis ora mlebu. Mengkono uga dina-dina candhake. Manut pandugaku, anggone metu Parji merga mutung. Gem-pil atine dakuman-uman pas upacara. Wis, bah-bah kono! Problem anyar. Kanthi metune Parji, latar sekolahan malih njembrung. Uwuh pating kececer ing kana-kene. Njur sapa sing kudu kajibah reresik latar. Yen trima nyapu njero kelas wis cukup bocah-bocah.
"Ngangkat sukwan malih mawon Bu," usule Pak Galung. "Enggih, kula nggih mathuk. Amrih sregep, honore dipuntambah," Bu Nik-mah nimbrung. Aku mathuk karo usulan kasebut. Sing becik.
Nanging ya kuwi. Nganti sesasi kliwat, pranyata ora ana sing ndhaftar. Kanca-kanca sing dakpatah golektenaga ya ora oleh gawe. Jarene, cah enom-enom padha mopo. Alesane, nyukwan penjaga sekolah ora cetha masa depane. Pilih dadi TKI.
Neng ngomah bab kasebut dakwa-dulake marang Mas Kardono.
"Ngono ae kok bingung. Ya murid-muridmu kuwi dipasrahi nyapu kanthigiliran. Ngiras nglatih bocah nduweni rasa tanggung jawab!" pamrayogane.
Dakpikir-pikir krenahe Mas Kardono kuwi ya mathuk. Wong muridku ki akeh. Kliwat rang atus. Ngapa ora diwenehi kwa-jiban nyapu kanthi giliran bae. Wusana tanpa njaluk tetimbangan marang kanca guru, aku nyusun Persek - peraturan se¬kolah. Dina Senen candhake pas upacara, persek kasebut dak-undhang-ake. Bocah-bocah padha ongkrep. Ongkrep merga bungah apa susah aku ora preduli. Semono uga kanca guru uga padha njomblak semu kaget. Cetha ora ngira yen aku gawe per¬sek anyar. Tanpa preduli embuh priye tang-gapane, kanca guru langsung daktugasake nyusun jadwal.
Dina sesuke, bocah sing oleh giliran nyapu latar wis nindakake tugase. Mang-kono uga dina-dina candhake. Aku bungah. Problem reresik latar wis bisa diatasi. Jebul gampang bae.
Seminggu candhake, wanci bocah-bocah pinuju ngaso. Ana mobil "Kijang Inova mlebu pekarangan sekolahan. Pe-numpange sawijining wong lanang keren. Mudhun. saka mobile bablas mlebu ruwang guru. Aku sing neng ruwang KS ora ambil pusing. Pangiraku tamu kasebut butuh ketemu guru wali kelas. Dadi aku ora perlu nemoni. Mula dakbacutake anggonku ngonsep SPJ BOS. Lagi nyureng merga bingung ngepas-ne tanjane dhuwit BOS, dadak Bu Darsini mlebu ruwangku.
"Ngapunten Bu, ngganggu. Menika wonten tamu badhe pinanggih Ibu," ujare Bu Darsini setengah bisik-bisik.
"Kok ora diaturi mlebu ruwang kene?"
"Sampun, nanging boten kersa. Ngen-dikane kajawi badhe ngendikan kaliyan Ibu, inggih supados asiling pirembagan saged dipunpirengaken dening kanca-kanca guru sedaya."
Trenyeng, mara-mara emosiku mun-juk. Nanging sidane aku ngalahi. Kanthi ati mangkel aku mlebu ruwang guru. Wong lanang sing penampilane parlente kuwi mapag tekaku. Kanthi cakrak nyalami aku. Edian ... epek-epekku dige-gem kenceng malah setengah diprekes.
"Selamat siang Bu. Langsung saja. Begini Bu. Terus terang saya tidak rela anak saya disuruh ikut-ikutan nyapu halaman sekolah. Anak lain terserah. Tetapi anak saya tidak saya perbolehkan," ujare wong lanang kuwi nglamak.
"Maaf, Anda ini wali murid ya? Siapa sih anak Anda yang sekolah di sini?" pitakonku.
"Lho, masak Ibu pangling? Saya kan ayahnya Floren!"
Floren? Aku nyoba ngeling-eling.
"Florenza kelas sekawan, Bu," Bu Zakiyah, guru kelas papat nrambul.
"Ya betul. Floren kelas empat. Dia anak saya."
"Terus Anda maunya apa? Kewajiban murid bergiliran nyapu halaman ini sudah menjadi bagian dari tata tertip sekolah. Sudah diundhangkan!"
"Pokoknya saya tidak rela Floren ikut an nyapu halaman! Dia itu di rumah nggak pernah ikutan kerja kasar kayak gitu!"
Prempeng, emosiku ora kena diben-dung.
"Kalau tak mau mengikuti peraturan sekolah di sini, silakan anak Anda diseko-lahkan ke sekolah lain saja!" ucapku tanpa mikir adoh.
Bapake Floren katon kaget. Semono uga kanca-kanca guru.
"0, begitu. Kalau begitu, sekarang juga tolong buatkan surat pindah buat anak saya, Bu! Floren mau saya pindah-kan ke SD Mardisunu!" ujare bapake Floren mutusake.
"Baik, akan kami buatkan! Bu Zakiyah, tulung njenengan proses surat pindhahe Floren!" ujarku mesisan mrentah Bu Zaki¬yah, wall kelasae. Batinku, kalong bocah
siji ora masalah. Cacahe muridku isih akeh!
*
Jam ngaso wis entek. Bocah-bocah mlebu kelase dhewe-dhewe. Nanging kanca-kanca guru kok ora enggal nututi mlebu kelas? Lho, kok malah pating bru-dhul mlebu ruwangku?
"Bu, kepareng matur. Estunipun Ibu kalawau boten kedah dhawuh kados nga-ten dhateng bapake Floren. Dampakipun kirang sae, Bu," Pak Waskitha guru kelas lima sing wis meh pensiun kuwi nyaruwe. Aku sing wis kadhung mangkel, rumangsa diwancahi. Aku nanggapi kanthi santak,
"Pak Waskitha, kepala sekolahipun menika kula! Kawicaksanan ingkang kula-dalaken dados tanggeljawab kula! Panje-nengan sedaya boten perlu tumut-tumut! Mangga, enggal mlebet kelas kemawon, lare-lare ngrantos!"
Anak buwahku kuwi mlengak. Sajak ora nduga aku guneman mangkono. Ban-jur pating klunuh metu saka ruwangku. Sing paling kari Bu Zakiyah, sing daktugasi mroses surat pindhahe Florenza.
"Menika, kantunnapakasmani," ujare Bu Zakiyah karo nyelehake rapor lan surat keterangan pindhahe Floren ing ngarep-ku.
Rong dina candhake. Aku kaget nalika mlebu regol sekolahan katon murid-murid padha rubung-rubung. Aku gage miyak rubungan iku. Jebul ing kono katon Pak Waskitha lan Bu Darsini lagi kecipuh-an misah murid lanang loro lagi gelut uleng. Nanging wusanane bisa dipisah. Bocah loro langsung diadhepake aku.
"Ngapa kowe gelut?" pitakonku ngurus.
"Dicki boten purun nyapu Bu. Kula-emutaken malah nantang gelut. Nggih kula layani," wangsulane salah sijine.
"Lha ngapa kowe ora gelem nyapu?" pitakonku marang Dicki.
"Kalih Ayah kula mboten angsal Bu. Criyose Ayah, kwajibane murid niku sinau, mboten ken nyapu."
Aku mlengak Ora sengaja aku ketemu Pak Dibyo, penasehat Komite Sekolah. Biyen ya tau ngasta minangka KS neng kene. Marang piyambake aku kurmattenan. Piyambake kuwi priyantun sepuh sing sugih wawasan lan kawicaksanan. Marang panjenengane aku ora pati wani asikep kumingsun.
Kaya ana sing njurungake, mara-mara aku wadul prakara swasana anget kang akhir-akhir iki nyrambahi sekolahan sing dakpimpin. Pak Dibyo mesem banjur par¬ing pangandikan.
"Biyen rak wis dakelingake ta Bu. Aja nggunakake rupa abang kanggo ngecet tembok sekolahan. Luwih-luwih bageyan njero. Rupa abang kuwi - najan ora abang mbranang - bisa mangaribawani sapa wae sing manggon. Kaprabawan rupa abang, bisa .nyababake sing manggon gampang emosi. Selagine kewan wae weruh rupa abang uga gampang nesu. Tuladhane ta-runge bantheng karo matadhor kae. Ban-thenge ngamuk merga diledhek rupa abang," mendel sedhela, mirsani aku sajak butuh tanggapanku. Nanging aku durung nanggapi. Pak Dibyo nuli mba-cutake ngendikane.
"Tembok sekolahan kuwi prayogane dicet kanthi rupa sing nuwuhake rasa adhem, Utawa paling ora rupa netral. Putih upamane."
Pak Dibyo pancen nate nyaruwe nalika proses rehab gedhung SD sing dakpimpin iki tekan tahap ngecet tembok. Anggone nyaruwe, merga aku milih rupa abang bata kanggo ngecet tembok njaba apadene njero. Wektu semono panyaruwene ora dakgubris. Apa hubungane rupa karo emosine menungsa. Yen dakganti rupa liya, kejaba ngguwang wragad ya jeneng ketinggalan. Awit rupa abang bata - mligine ing dhaerahku - lagi ngetrend. *
Griya Panepen, 28 Januari 2013
No comments:
Post a Comment