GROMBOLAN RAMPOG NGGONDHOL 6 MILIAR

Durung wae traumane warga ilang salebare kasus penyerangan ing Lapas Cebongan, Sleman, warga Yogyakarta ball dikagetake dening aksine rampog cacah lima sing nyatroni kantor Pegadaian Syariah Unit Ngampilan, Selasa awan (2/ 4). Grombolan rampog agegaman senjata api iku kasil nggondhol priyasan mas-masan pengaji Rp 6 miliar lan dhuwit Rp 30,9 yuta. Manajer Pegadaian Syariah Unit Ngampilan, Slamet, nuturake ram-pog-rampog iku mbanda para petugas pegadaian lan meksa supaya nuduhake panggonane bandha. Kanggo nggertak, salah sijine perampog nembakake pistule menyang meja engga njalari kacane meja rengat.

Slamet nduga pistule penjahat iku mung tiron utawa jinis air soft gun awit plurune ora bisa nembus meja. Kejaba kuwi swara jumedhore uga beda karo pistul-pistul sing tenan. Miturut Slamet, rampog-rampog mawa tutup rai iku ngobok-obok kantore jroning wektu 20 menit.

Bandha sing dirampog dikukup lan dilebokake tas rangsel. Sawise butuhe cukup rampog-rampog iku ninggalake Pegadai­an kanthi sahtai. Kapolda Yogyakarta, Brigjen Sabar Rahardjo ngandharake, ciri-cirine rampog wis dikanthongi pulisi. Sabar nduga tindak kejahatan iku wis ri-nancang sadurunge, jalaran anggone tu-mindak ngenteni nalika listrik pinuju mati saengga ora bisa karekam dening kamera CCTV.

No comments:

Post a Comment