JARAN NGGOLEKI MANUNGSA

JARAN NGGOLEKI MANUNGSA

Dening : kyan Biru ( Panjebar Semangat No. 15-13 April 2013 )

Jaman mbiyen sadurunge jaran dadi manut kaya saiki, ana Jaran Sumba sing gedhe, dhuwur lan ,wulune alus. Jaran kuwi durung tau ketemu manungsa. Uripe ana suketan amba. Pangane kecukupan, uripe aman. Gaweyane jaran kuwi mung mangan suket karo mlayu ing lapangan suket lan ngaca ing kedhung. Jaran kuwi krasa seneng lan yakin yen dheweke makhluk Gusti Allah sing paling kuwat, apik lan pinter ing bumi. Ing esuk kuwi Sumba lagi ngaca ing telaga, ana iwak teka nyedhaki jaran sing lagi ngilo kuwi.


"Hei jaran, lagi apa ing kono? Sajak kowe lagi seneng banget", takone iwak.

Lagi apa? Apa kaya aku lagi nyambut gawe, batine jaran rada kesinggung atine.

"Aku ra apa-apa. Aku lagi ngaca namatke awakku sing kuwat lan apik iki".

Iwak nggatekke jaran saka banyu, "Bener, awakmu katon apik lan kuwat. Nanging kowe ora pinter kaya manungsa".

"Ora pinter?" bengoke jaran gumun.

"Aku makhluk sing paling pinter lan kuwat ing bumi. Lan sapa manungsa kuwi?"

"Manungsa kuwi makhluk Allah sing ditakdirake paling pinter ing bumi. Kowe mesthi ora bisa ngalahake", jawabe iwak.

Krungu jawabane kuwi, jaran sing sombong dadi penasaran. "Neng ngendi panggonane manungsa kuwi!"

"Manungsa ana ngendi-endi. Yen kowe gelem mlaku-mlaku nyang pinggir alas kuwi, kowe mesthi nemokake papane manungsa!"

"Ya, aku pengin tandhing kekuwatan lan kepinteran karo manungsa kuwi !"gregete jaran sing

atine panas.

Saben dina Jaran ngetan ngulon, ngalor ngidul nggoleki sing jenenge manungsa. Merga durung tau ngerti manungsa, Jaran Sumba wira-wiri. Mlayu banter lan nganggep yen ora ana sing ngalahake bantere playune.

Yen Sumba krasa kesel, leyeh-leyeh karo ngaca ing pinggir rawa utawa telaga. Bareng wis tekan pinggir desa, Jaran kuwi ngerti makhluk sing awake cilik yen dibandhing karo dheweke banjur nyedhaki makhluk sing lagi pisanan dingerteni kuwi lan takon. "Hei makhluk sing ringkih, ing ngendi pancen dununge manungsa!" Manungsa sing jenenge Lesmana kuwi njumbul krungu pitakone jaran. "Apa sing kok goleki, hei Jaran Sumba?"

"Aku pengin nggoleki manungsa, arep takjak tandhing nyoba kekuwat-ane karo aku". Kandhane Sumba.

Lesmana gumun, "Geneya kowe arep tandhing kekuwatan karo manungsa?"

"Ujare Iwak, manungsa kuwi makhluk sing kuwat lan pinter. Aku pengin ngalahne manungsa kuwi!" jawabe Sumba kanthi semedhe.

"Aku ngerti papane manungsa kuwi, nanging aku ora cepet playune, yen aku mlayu nganti tuwa durung tekan panggonane".

"Munggaha neng gegerku lan aku bakal mlayu banter ngeterke kowe. Kaya ngapa ta sing jenenge manungsa kuwi?"

"Aku gelem ngeterke nanging aku pengin nggawakake klambi apik luwih dhisik amrih awakmu tambah gagah".

Jaran Sumba seneng banget dialem. Jaran kuwi banjur digawekake sadhel (pelana) sing apik, supaya sapa wae sing numpak mengkone krasa kepenak.

Sawise dadi sadhel kuwi banjur dipasang ing gegere Jaran saking senenge oleh klambi anyar, Jaran ngaca bola-bali ing banyu.

"Saiki aku siap ngeterke menyang papane manungsa", kandhane Lesmana.

"Munggaha ing gegerku!"

Jaran Sumba mlayu banter menyang ngidul terus ngetan, ngalor bablas ngulon, nanging Lesmana durung ngajak mandeg.

"Kepiye? Apa isih adoh papane manungsa kuwi?" takone Sumba karo menggeh-menggeh.

"Isih adoh banget. Ayo playune luwih cepet maneh!" Sumba mlayu tampan cepet.

Lesmana mesam-mesem lungguh neng gegere jaran sing empuk tanpa ngetokake kringet. Wusanane Sumba kentekan tenaga. Playune sempoyongan, kringete sagrontol-grontol, bablas semaput,

"Ayo! Cepet mlayune!" prentahe Lesmana

"Aku wis ra... ra kuwat", ambegane kembang kempis.

Karo malang kerik Lesmana ngaku,

"Ngertia hei Jaran sing sombong ya, aku iki manungsa sing kok goleki!

Krungu-kandhane Lesmana, Jaran Sumba ngaku kalah lan nyerah. Wiwit dina kuwi jaran saiki nurut lan dadi kancane manungsa golek sandhang pangan.

No comments:

Post a Comment