Tulusing Katresnan

Hawa adhem njalari Hari nggeret kemul rada dhuwur. Lamat-lamat ku-pinge krungu lagune almar-hum Chrisye. Nyawang rneja ing pojok kamar. Ah, Minar isih nggethu ing ngarep laptop cethak-cethik ngetik. Rambute sing dawa nganti ngisor pundhak digelung nganggo jepit. Kaca mata plus sing mung dienggo menawa lagi nggarap pakaryan ing laptop sangsaya ngatonake keseriusane. Awake langsing, direnggani klambi terusan sing nglembreh meh tekan jogan.
Kaya minggu-minggu sadurunge, pendhak Jemuah bengi utawa Setu sore Minar ajeg teka ing omahe. Hari mapag menyang stasiun. Lan bengine, nalika Hari nglilir, tansah nyumurupi Minar nggethu kaya ngono iku. Kira-kira jam telunan lagi ngadeg, ngobahake tangan mendhuwur, ndhaplang, ngeluk boyok Mlebu jedhing, bali neng kamar meneh, nggelar sajadah, banjur khusuk konjem ' ngadhep sing Maha Kuwasa ing sapro-telon wengi pungkasan kang aji banget, Bubar iku bali ing ngadhep laptope nganti Shubuh, Krungu azdan ngumandhang, Minar mateni laptope. Nyedhak peturon, ngaras pipine Hari kanthi asih, banjur mbisiki kupinge, "Mas, wis Shubuh... wungu yuuuk!"

Hari ngelekake mripate, ethok-ethok kriyip-kriyip. Banjur gumregah tangi. Ing ati rasane cles adhem kaya kesiram banyu sewindu
"Jeng, senengane kok begadhangan ta? Marahi ora sehat tur cepet tuwa, Iho!"
Minar mesem, "Apa miturut njeneng-an aku ketok luwih tuwa tinimbang umurku?"
Hari gemes, jer nyatane ing umur sing nyedhaki separo abad Minar isih ayu tur langsing senadyan rambute wis akeh sing putih. Mbokmenawa merga sregep raup teh wayu lan sarapan tempe mentah kaya ngendikane salah sawijining ibu gurune dhek SMA biyen.
"Aku wis kulina nyambutgawe bengi, Mas. Ning tansah dakudi turuku tetep cukup. Jangan kuwatir, oke?" mangsuii ngono karo ngadeg nyat lan mithes irunge Hari. Sing dipithes ora koberendha, mung mringis kelaran, nanging atine megar kaya kembang mawar sing andher ing latar.
Rasane Hari kaya ngimpi. Ora nyana menawa irama uripe ngalami owah-owah-an kaya saiki. Senadyan saben dina kesel nyambutgawe lan mulihe mung ajeg di-pethukake rewange, nanging ora ana rasa sepi sarta nggrantes kaya sing uwis-uwis merga saben pungkasane minggu dhe-weke bakal oleh ijot.
Rampung Subuhan Minar utheg ana pawon, senadyan wis wola-wali dipeng-gakdening Hari. Merga kabeh pegaweyan satemene bisa dipasrahake Darsih, re¬wange. Nanging wangsulane Minar ayem wae, "Mung gawe teh kok, Mas. Ora repot."
Yen Setu, Minar mesthi terus ibut nye-pakake sarapan lan kebutuhane Hari kanggo budhal nyambutgawe. Dene yen dina Minggu adhakane ditutugake karo olah raga, menganggo kaos lan sepatu olah raga, senadyan tenane mung mlaku-mlaku merga saumur-umurane wis ora cocog kanggo mlayu-mlayu. Hari mung ngematake saparipolahe Minar karo mesem. Minar tetep prasaja kaya sing di-kenal puluhan taun kepungkur. Bali olah-raga runtung-runtung gandhengan tangan, Sapa wae sing nyawang mesthi ewa, dene ana pasangan wis setengah tuwa nanging katon serasi kaya mimi lan mintuna.
Hari isih kelingan dina-dina kawuri kang nate dipecaki. Welasan taun bebrayan sing dibangun karo Atik kepeksa jugar ing tengah dalan. Mbokmenawa merga sak-mono lawase anggone bebrayan durung dititipi momongan ndadekake balesoma-he kerep congkrah. Atik sing wateke atos tansah nuntut panguripan modern, nye-babake apa wae sing diduweni dadi ku-rang. Kurang duwe rasa syukur marang peparinge sing gawe urip, angel dijak ngibadah, isine mung kerep padu. Ma-neka masaiah njalari wong loro iku angel dirukunake maneh. Wusanane Hari sing ngalah, kepeksa pisah kanthi ngeculake bandha gana-gini meh telung prapat Bubar pisahan karo Atik, uripe krasa tambah gothang. Dina-dina mung diisi gaweyan, saka esuk nganti sore. Ing pangajap bengine kesel banjur ngantuk. Nganti sawijining dina, Ranti, adhike sing isih manggon ing desa telpon.
"Mas, kowe apa wis ngerti nek Minar saiki randha?" pitakon sing ngagetake banget kanggone.
"Durung. Geneya kok ngrandha?" pi-takone kanthi ati kemrungsung.
"Persise ora ngerti, Mas. Aku mung krungu-krungu, jarene kepeksa pisahan
Mesakakeya, kamangka anake telu, Iho!" Minar, kenya ayu putra ontang-antinge Pak Hadi, sawijining guru SD ing desane. Wiwit SD nganti SMP kerep dolan me-nyang omahe Hari, me'rga asring runtang-runtung karo Ranti sing pancen kanca nunggal kelas. Bocahe sakeplasan katon anteng, tindak-tanduke alus. Nanging yen wis micara canthas, guyune renyah, grapyak lan seneng crita. Istimewane meneh dheweke tansah juara kelas. Liwat Ranti, wusanane Hari bisa tepung raket karo dheweke. Minar kelas siji, dene Hari kelas telu SMAwektu iku. Senadyan tanpa pratelan tresna nanging saka tindak-tan¬duke bocah kekarone iki ketara yen tir padha irenge, sir padha senenge.
Suwening-suwe kabar ngenani se-sambungane bocah sakloron mau wis su-mebar mratah dadi rahasia umum wong sakampung. Paribasane godhong garing wae duwe kuping, mula kabar kaya mengkono gampang banget sumebar. Ka-lebu keprungu tekan wong tuwane Minar. Minangka wong tuwa kang nggadhang-nggadhang anake dadi wong mulya, wis sakmesthine menawa Pak Hadi lan garwa-ne kuwatir meruhi sesambungane Minar lan Hari. Diupamakake lelungan, jangka-he bocah loro iku isih adoh. Mula maneka cara digunakake kanggo nyegah supaya sesambungane bocah sakloron ora ke-plantrang, lan Minar tetep kukuh nggayuh cita-citane.
Sawise lulus SMA, Hari ora kasil lolos Sipenmaru. Dheweke banjur bara me-nyang Jakarta. Beja bisa entuk pegawe-yan ing sawijining instansi senadyan mung pawitam ijazah SMA. Lancare ang-gone nyambutgawe, pranyata ora diba-rengi dening lancare sesambungane karo Minar. Minar sing biyasa juara kelas wiwit SD nganti SMP dadi rada kethetheran ing SMA, amerga SMA-ne iku kebak bocah pinter saindenging kabupaten. Mula senadyan ditinggal Hari ing Jakarta, ge-gayuhane kang dhuwur kanggo bisa kuli-yah ing pawiyatan luhur ngalahake rasa kasepen lan kangene. Layang-layange Hari kang meh saben wulan teka, mung diwangsuli sakmadya wae. Suwening-suwe Hari krasa menawa Minar sengaja njaga jarak karo dheweke. Apameneh bareng sawise tamat SMA Minar temen-temen bisa kuliyah ing pawiyatan luhur paling misuwur ing Yogya.
Sawijining sore ing teras omahe Minar bocah loro lagi lungguh bebarengan. Mi¬nar pinuju preinan lan Hari uga pas bali ndesa. Senadyan sadurunge Hari wis krasa, nanging bareng ukara-ukara iku kawetu saka lambene Minar dhewe, rasane tetep kaya bledheg nyamber.
"Mas, aku kepingin sesambungan iki winates memitran wae. Terus-terang wong tuwaku kabotan karo sesambung¬ane awake dhewe, lan aku uga kudu serius kuliyah. Dalane awake dhewe isih dawa, Mas. Menawa awake dhewe tinak-dir minangka jodho, sawijining wektu mengko mesthi ana dalan kanggo be¬barengan maneh," ukarane Minar alus, teteh, nanging pindha curiga kang nun-jem dhadha.
Kanthi ati semplah Hari ninggalake omahe Minar, kenya kang dadi sumber semangat lan inspirasine rikala lara lapa ing paran. Minar pranyata tega banget marang dheweke. Wiwit iku tekade wis gilig, dheweke kudu kuliyah ing Yogya. Gaweyan ing Jakarta ditinggal, senadyan wong tuwane kabotan merga Hari mono sedulure akeh. Nanging Hari nekad. Taun candhake dheweke kelakon kuliyah ing universitas swasta kanthi modhal asile nyambutgawe ing Jakarta. Wragad liyane saka asile bebakulan kabutuhan pawon ing pasar. Nganti kepeksa ora duwe kos, nunut-nunut ing omahe kancane utawa trima turu ing mesjid kampus ya dilakoni.
Mesthine Minar ya krungu menawa Hari nyusul kuliah ing Yogya. Nanging merga Hari dhewe ora mbudidaya nemoni dhe¬weke, mula ya ora ana owah-owahan apa-apa. Satemene Hari uga pengin ba¬nget bisa ketemu Minar nanging ora cu-kup duwe kuwanen. Kaya ana bledheg salah mangsa rikala Hari krungu kabar menawa bubar wisudha Minar langsung ningkah. Minar bener-bener tega marang dheweke. Hari ngrumangsani ora pantes nyandhing Minar, nanging geneya ora di-wenehi wektu kanggo mbudidaya?
Sabanjure Hari krungu kabar menawa Minar diangkat dadi dosen ing sawijining perguruan tinggi negri. Kanthi jangkah abot, Hari ngupaya ngrampungake kuliahe lan patang taun candhake mbangun balewisma karo Atik, adhik kelase. Saban-jure dheweke ngrintis usaha ing ibu kota. Hari wis ora kepengin ketemu karo Minar, yen bisa malah selawase. Ngelingi kabeh mau, senadyan krungu kabar saka Ranti yen Minar wis dadi randha, rasane kaya wegah banget ngurus-urus. Nadyan ing teienge atine isih kandha yen tresnane marang Minar ora nate kalong, apamaneh ilang. Citrane tansah cumithak ing angen-angene ing ngendi papan lan kapan wae. Kaya mbenerake panemune wong akeh, yen rasa tresna sing sepisanan iku ora nate mati.
Sawijining wengi, kanggo ngguwang rasa sepi, kaya biyasane Hari mbukak-mbukak situs jejaring sosial facebook, Lumayan bisa kanggo ajang reuni ketemu kanca-kanca lawas, utawa njembarake sesrawungan golek kanca-kanca anyar. Nyut pikirane kelingan Minar. Ora mung-kin Minar minangka dhosen ora duwe akun facebook. Ing kolom papan nggoieki kanca ditulis "Ratna Suminar". Wow... pra-nyata akeh banget pawongan sing ndu-weni jeneng iki. Siji mbaka siji akun mau dibukak. Rada suwe ketemune tetep dudu Minar sing digoleki. Nganti embuh sing kaping pira dumadakan Hari gemeter. Rasane awak dadi kemranyas nyawang foto profil sawijining akun facebookkanthi jeneng Ratna Suminar, wanita ayu kanthi bocah telu jemagar-jemagar ing rangkul-ane.
Sawise thenger-thenger sauntara, Hari mencet papan kang nuduhake pan-jaluk kanggo kekancan, banjur mbukak papan kang tinulis 'pesan'. Cekak aos dhe¬weke nulis: "Assalamu'alaikum Ibu Minar, dospundi kabaripun?" banjur dikirim. Lali marang lara atine, lali marang pepengina-ne ora kepengin canthuk lawung karo Minar salawase. Bubar iku laptop ditutup, mapan turu. Nganti esukturune klisikan. Ing impene kaya-kaya dheweke weruh Minar mesem manis, ngguyu renyah crita werna-werna ing ngarepe kaya biyen ri-kala isih padha-padha mudha tumaruna.
Esuke sedina ing papan penggaweyan dadi ora jenak, kumudu kepingin mulih. Kepengin cepet-cepet mbukak facebook. Arep ditindakake ing kantor kok ora ke-penak, wong pegaweyan lagi pirang-pi-rang kok malah facebook-on. Mula bengi- ne watara jam sepuluhan senadyan awak lungkrah Hari wis sumadya ing ngarep laptop. Kanthi ati dheg-dhegan, mbukak facebook. Lhadalah, ana pemberitahuan anyar kang isine menehi weruh menawa panjaluke kekancan karo Minar ditampa, lan ana pesen anyar, sing bareng dibukak isine uga cekak aos: "Wa'alaikumsalam, Mas Hari. Alhamdulillah sae, kosokwang-sulipun dospundi kabar panjenengan?".
Hari nyawang daptar kanca sing lagi online, lan Minar pranyata salah sijine. Langsung diklik ngejak chafing.
"Halo, Minar! ngganggu ora ki?"tulise kanthi dhadha gumuruh kaya kena lindhu. Persis wektu SMA biyen.
"Halo, Mas Hari. Seneng banget bisa ketemu njenengan, senadyan mung liwat tulisan. Pangapurane sing akeh ya, Mas, wektu iku aku ora jujur karo sliramu..."
Mangkono sateruse, obrolan iku ku-wawa mbukak warana kang wis puiuhan taun sinengker. Tanpa dijaluk, Minar rribla-kakake kabeh rasaning atine wektu iku. Minar kandha, kepeksa medhot sesam-bungane karo Hari merga ibune ora kersa besanan karo tanggane. Kuwatir yen mengkone ana perkara malih ngembet kulawarga lan medhotake pasedulUran. Minar uga blaka menawa rikala padha-padha kuliyah ing Yogya biyen uga nga-rep-arep tekane, amerga Minar rumangsa wis tau menehi alamat kose marang Hari.
Dheweke uga crita geneya cepet-ce¬pet nikah. Wektu kuwi ibune gerah nemen, meh wae ora ngukup. Mangka Minar ne-dheng-nedhenge nggarap skripsi. Mula bareng bisa waras meneh lan bisa nges-treni wisudhane Minar, pepenginane sing paling dhisik mung cepet duwe putu, ku-watir ora kober menangi putu-putune ma-neh. Wusana, nalika Hendra, kanca raket sing akeh ndhampingi lan nulung dhewe¬ke rikaia nggarap skripsi nganti ngrumat ibune rikala gerah iku nglamar, Minar ora bisa suwala. Ora nganti sesasi saka ang-gone wisudha, Minar banjur diningkahake karo Hendra.
Wiwit iku leiorone asrlng ngobrol. Ter-kadhang chafing ing facebook utawa langsung caturan liwat ha-pe. Apamaneh bareng ngerti menawa leiorone wis padha ijen. Pisan-pindho ketemu menawa ana wektu longgar, merga leiorone padha-padha repot ing papan pegaweyane. Nganti sawijining wektu kawetu tetem-bungane Hari kanggo nyawijekake ati mbangun bebrayan, nutugake impen sing rikala mudha kober kapunggel. Maune Minar kabotan kanggo urip bebrayan karo Hari amerga ngrumangsani nggawa buntut telu. Nanging takdir wis pinesthi, katresnan jati kang tulus sing nate pung-gel amerga takdir, wis titi wanci sing Maha Kuasa ngijoli, karenan maringi kalo-dhangan kanggo nyawiji maneh.
Hari kasil ngyakinake anak-anake Minar menawa dheweke bisa dadi bapake sing kaloro. Hari sadhar, ora bakal bisa ngganteni kalungguhane bapak sing sa-benere. Ewasemono rasa tresnane kasok marang anak-anake Minar. Ya mung merga padha-padha ora bisa ninggalake pega¬weyane, leiorone mung sapatemon pen-dhakakhir minggu. Kanca-kancane padha moyoki minangka pdsangan CLBK (cinta lama bersemi kembali). Takdir kadhang-kala angel dingerteni dening manungsa, nanging Allah sing nduweni katetepan tansah pirsa apa wae sing paling apik kanggo umate.
"Hei, sayang. Kok malah ngalamun ta?" ngerti-ngerti Minar wis nyelehake tas ing sisihe Hari, ngrangkulake tangan kiwa ing gulune. Ngaras pipi tengene, banjur lungguh jengkeng ing ngarepe karo ora lali tangan leiorone nggegem kenceng tangane Hari.
"Sorry ya, aku kudu ball dina iki. Sesuk ana mahasiswaku loro sing arep ujian sarjana," ujare Minar ngalem.
Ora sranta Hari narik Minar sing lagi jengkeng ing ngarepe banjur nggeret tangan iku nganti Minar ambyuk ing dha-dhane. Wektu kaya mandheg. Ing rang-kulane, getering dhadha lan rasaning jiwa nyawiji. Nuwuhake rasa syukur kang tanpa upama. Alon lan owel Hari banjur ngeculake rangkulane, nyaut kunci kon-tak, ngangkat tase Minar jumangkah tumuju mobile.
"Mangga, Nyonya Hari," kadhane re¬nyah karo mbukakke lawang mobil sisih kiwa. Minar mung mencep karo jumang¬kah mlebu mobil. Ah...dina-dina kang endah wis kuwawa ngubur wektu-wektu kebak panalangsa ing dina kawuri.
Hari ngeterake Minar nganti munggah sepur. Nyocogake papan lungguh, mapa-nake tase, nggegem kenceng tangane nganti krungu aba-aba sepur baka! bu-dhal. Bali mulih nggawa rasa bagya mulya, nyimpen kangen kanggo dina Setu can¬dhake. (Chutel)
(Panjebar Semangat No. 15-13 April 2013)

No comments:

Post a Comment