BASA Jawa perlu diurip-urip. Tegese diopeni lan sapanunggalane, amrih lestari utawa supaya tetep urip (KAMUS BASA JAWA dening Tim Penyusun Balai Bahasa Yogyakarta, 2001). Pratelan iki minangka sawijining wangsulari tumrap sumelanging para sepuh ngenani kahanane basa Jawa kang mrihatinake banget Basa Jawa wis arang dinggo srana komunikasi ing antarane para mudha. Semono uga marang wong tuwa utawa wong kang perlu diajeni. Kamangka para mudha kuwi nggambarake masyarakat ing tembe buri. Yen nom-noman saiki ora seneng, ora gelem, utawa ora bisa ngganggo basa Jawa, mesthine basa Jawa ora bisa tetep urip utawa ora lestari.
Ngurip-urip basa Jawa mbutuhake tumindak nyata. Sapa kang kudu tumindak, lan apa kang katindakake? Saben pawongan kang isih ngaku wong Jawa (durung ilang Jawane) duweni kuwajiban nindakake rang bab. Sepisan, ngopeni basa Jawa klawan nggunakake basa Jawa kanthi bener lan apik. Kanthi bener, tegese manut pranatan (kaidah) panganggone basa Jawa kang wis katetepake. Apik, mengku teges manut swasana lan jinis panganggone. Upamane, ing swasana resmi, swasana santai, swasana akrab, lan sapanunggalane.
Murih cethane, basa (klebu basa Jawa) kuwi bisa digambarake kaya dene sandhangan. Ana sandhangan resmi lan ana san-dhangan santai. Sandhangan resmi dinggo ing adicara resmi, dene sandhangan sante kanggo ing acara santai (ning omahe dhewe, patemon kulawarga raket, nonton bal-bafan, piknik lan sapanggulane). Samono uga basa Jawa kudu digunakake manut jinise: ngoko, krama, lan krama inggil. Nganggo basa Jawa jinis ngoko yen marang wong kang wis raket utawa akrab banget, jinis krama yen marang paraga kang diurmati, lan krama inggil manawa marang wong kang perfu diurmati banget.
Kuwajiban kang kaping pindho, yaiku mbudi daya nggulawenthah, nggladhi, lan ngulinaake brayate dhewe-dhewe nggunakake basa Jawa ing sadina-dina ana ing lingkungan kulawarga. Manawa digatekake, basa kuwi mung sawijining pakulinan. Yen kulina nggunakake basa Jawa ya bakal lancar guneman basa Jawa. Kosok baline yen ora kulina, awit kulinane "cara mlayu" (ngganggo basa Indonesia utawa biyen isih kasebut basa Melayu) mesthine grothal grathul (ora lancar). Contone ing adicara pahargyan mantu (resepsi pernikahari), Saweneh-ing pangemban pangembating praja kang diaturi wektu kanggo medhar sab-da, padatane milih nganggo basa Indonesia tinimbang ngganggo basa Jawa. Alesane amarga wis lali.
Paraga kang paling penting ing babagan nggladhi lan ngulinaake nganggo basa Jawa yaiku ibu, minangka guru basa kang wiwitan ana ing kulawarga. Sajake ana sambung rapete karo sebut-an bahasa ibu (bahasa pertama, yang dikuasai manusia melalui ibu dalam keluarga}. Kanthi tlaten para ibu penutur basa Jawa ngajari basa putrane wiwit bayi. Kang wiwitan, ibu ngajari katrampilan nyemak utawa ngrungokake tuturan basa (menyimak, listening}. Carane ibu mulang basa Jawa marang putrane, niru patrape dhalang: omong dhewe, takon dhewe, uga diwangsuli dhewe. Ibu ngenalake tembung-tembung marang putrane kanthi dibolan-baleni tanpa kesel lan bosen. Contone, tembung ibu (yen kulawarga mudha bok manawa: mama, mami), mimrk, bubuk, pipis, maem. Gandheng kulina krungu tembung-tembung mau, sanadyan bayi durung bisa omong utawa mangsuli nanging wis bisa ngerti kersane ibune. Katitik, maune nangis bareng ibune nyebut/lbu, iki Ibu", bayi mau banjur meneng. Ibu pancen ahli basa kang wasis, kajaba mulang uga trampil njarwakake kabutuhane bayi kang kalairake mung kanthi nangis. Apa nyuwun mimik, bubuk, pipis, utawa maem, ya mung nangis. Marga saka pakuiinan, komunikasi ibu lan putrane bisa iancar. Ibu pirsa basane bayi (tangis), lan bayi ngreti basane ibune kang bola-bali dirungu.
Sabanjure, bareng wis wiwit bisa ngomong, si bayi nuli sinau micara nirokake apa kang wis tahu dirungu bola-bali diucapake dening ibune, kaya ta: ibu, mimik, bubuk, pipis, maem. Aku keling-an, anakku mbarep biyen sepisanan bisa ngomong ngucap, "Bu". Wiwitane pancen ora cetha ucapane, tur ora wutuh. Suwe-suwe, gandheng ora bosen lan ora isin utawa ora wedi salah nalika bola-bali ngucapake tembung ibu, mulane ya banjur bisa. Mesthine yen sinau basa kudu niru patrape bayi utawa bocah, yaiku ora bosen gladhen, ora isin utawa ora wedi salah.
Sateruse kabisane si bayi utawa bocah cilik ing bab katrampilan basa saya mundhak. Saben dina saya tambah tembung kang bisa diucapake. Banjur mundhak bisa ngrakit tembung-tembung dadi ukara prasaja. Dadi, ibu minangka guru basa ing kulawarga sanyata kasil mulang basa, kapisan katrampilan nyemak, ka-pindho katrampilan micara (berbicara, speaking}. Yen wis bisa ngomong, padatane ing kulawarga ana tambahan guru basa, yaiku bapak, lan anggota kulawarga liyane kang nunggal saomah.
Lha, yen ibune utawa bapake ora bisa basa Jawa piye? Kahanan kaya ngene iki pancen akeh. Kudune ana pambudi daya, supayg panggulawenttiah para putra ing babagan basa Jawa tetep bisa katindakake. Upamane, paraga guru basa Jawa (ibu lan bapak) ing kulawarga mau diambil alih dening eyang putri lan eyang kakung kang sok dadi pamamong: momong para wayahe saben dina (entuk limpahan tugas saka kulawarga mudha kang ora kober ngopeni anak amarga lanang wadon nyambut gawe loro-loro-ne). Yen eyange daieme adoh piye? Wah, pancen ribet banget wong bebrayan iku, luwih-iuwih ing jaman modern kaya ngene iki. Lha wong ndhidik anak kok ya nganti ora kober. Bara-bara ndhidhik, momong, kumpul anak wae ora tahu jaIaran ora bisa awit sibuk nyambut gawe ngupaya upa. Kamangka, anake, olehe dadi bocah iku yang mung sepisan sajege urip. Ora bisa dibaleni naneh. Begja banget yen duwe pramusiwi (pengasuh anak, baby sitter) Jawa, sing njawani: wasis basa Jawa, ngreti unggah-ungguh, tata krama, lan budi pekerti bisa mbiyantu nggulawentah anak lan melu ngurip-urip basa Jawa.
Wis kaandharake ing ngarep mau babagan kalungguhane kulawarga kang panting banget kanggo nglestarekake basa Jawa. Sabanjure, tanggung jawab ngurip-urip basa Jawa ana ing astane pamarentah yaiku lumantar mata pela-jaran basa Jawa ing pawiyatan-pawiya-tan. Muji sokur lan panuwun dene basa Jawa isih klebu ing kurikulum sanadyan mung mulok {muatan lokal). Para dwija basa Jawa kaajap bisaa nlateni nggulawentah para siswa ing babagan nyinau lan gladhen basa Jawa. Sajatine begja banget dadi guru basa Jawa, awit pakar-yane luhur banget, yaiku bisa ngentheng-enthengi pasambate masyarakat bab polah tingkahe para nom-noman kang mrihatinake banget. Ora ngreti tata krama, sopan santun, seneng tawuran awit pelajaran budi pekerti ing sekolahan wis ora ana. Mulang basa Jawa kuwi ora bisa uwal saka mulang budi pekerti, ing antarane yaiku lumantar panganggone ung-gah-ungguhing basa.
Menawa kulawarga lan pamarentah lumantar para dwija basa Jawa ing pawiyatan bisa sayuk karya bebarengan mbu-di daya ngurip-urip basa Jawa, apama-neh kasengkuyung juru warta ing radio, tv, ariwarti, lan kala warti, basa Jawa bakal lestari. ***
No comments:
Post a Comment