Samudana

Samudana

Dening : Didit Setya Nugroho

Lagi wae sedhan kinclong warna abang mbranang kuwi nggremet tekan prapatan, dumadakan keprungu pating gedebug sikile wong-wong menganggo klambi sarwa ireng. Kaping sepisan krungu swara jumedhuge tuge!an kayu trembesi ditibakake ngalang-alangi playune sedhan. Wong-wong ku­wi banjur ndhondhogi kaca sedan kanthi kasar. Saking kagete, Pak Surasa sing ana njero mobil ngerim ndadak. Raine pucet kaya kasatan getih. Durung ilang rasa kagete, wong-wong sing briga-brigi kuwi nyoba mecah kaca sedhan saka njaba.
Lagi wae Pak Surasa arep mbengok njaluk tulung, kedhisikan lambene wis dibungkem tangan kukuh sing kasil nyongke! lawang sedhane. Lawang se­dhan dibukak kasar. Pak Surasa disendhal metu saka kemudhi banjur dilarak-larak ing petenge wengi. Swara jangkrik keprungu maneh nututi sepine wengi ning-galake sedhan kinclong werna abang sing lawange isih menga.
Esuke Rebo bakul mie ayam kang arep kulak sayuran menyang pasar bengok-bengok nggugah tangga tanggane, "Pak Surasa diculik...!!! Pak Surasa diculik...!!!" Ora nganti limang menit tangga teparone wis padha nglumpuk ana kono. Swarane gemrenggeng kaya tawon antri mlebu glodhogan. Kabeh padha kepengin ngertakne ana kedadeyan apa,
Pulisi padha teka mbatesi sedhan nganggo garis loreng kuning ireng, ngumputake barang sing bisa dikumpul-ake karo nakoni wong-wong sing ana kono mbok menawa meruhi penculikan mau bengi. Sawise oleh titikan, pulisi banjur ngumpulake wong-wong ing ko­no saperlu dijaluki keterangan bab ilange Pak Surasa.
Jaya sumpel, Karso Cepuk, Pawira Singkat lan Rebo diunggahake pikep digawa menyang kantor pulisi.
"Piye mungguh panemumu ngenani sipate Pak Surasa kuwi?" pitakone intel menyang Karso Cepuk sawise tekan kan­tor.
"Ya nek kanggoku blak kotang bae, ora nyenengake. Atase wong neneka mestine duwe suba sita karo tangga te-paro. Apa dupeh dheweke sugih, omahe magrong-magrong, duwe sedhan terus isa sak karepe dhewe? Apa maneh wis bola-baii digiyarake ana TV regional manawa dheweke dadi tersangka korupsi sawijining proyek. Nek wong sing wis cetha korupsi kaya Surasa kuwi ora ndang diproses dening aparat, apa luput menawa ana wong liya sing mutusi dhe-we?"
Intel kuwi mandeng Karso Cepuk sedhela banjur pitakon meneh, "Dadi cara kasare, kowe sarujuk menawa Pak Su­rasa diadili kanthi cara diculik ngono kuwi?"
"Aku sarujuk banget!"
"Upama kowe sing dikon mungkasi uripe Surasa, gelem ora?"
"Gelem banget. Ngapa ora gelem, lha wong genah dheweke koruptor gedhe sing merga pokal gawene rakyat dadi kleieran, kangelan arep padha mangan," jawabe Karso Cepuk kebak pangigit-igit.
"Apa kowe dhewe sing mungkasi Pak Surasa? Apa kowe paraga kang ndhalangi kabeh prekara iki?" panlesihe intel mau.
Karso Cepuk malah rnlengeh, "Apa aku wong bodho? Mengku karep apa aku mungkasi dheweke. Aku dudu rival politike. Aku mung baku! wedhus. Lha nek ana wong liya sing luwih nduweni kepen-tingan, ngapa kok ndadak nabok nyilih tangan?"
"Sapa wonge kuwi?" intel iku ngoyak. . "Aku durung wani meneh! keterangan ing babagan iki. Coba mengko goleka sisik melik ana Desa Kaliancar," wangsul-ane Karso Cepuk.
Rampung Karso Cepuk banjur Jaya Sumpel, Pawira Singat lan Rebo sing di-jaluki keterangan. Kabeh menehi wang-sulan kang padha. Ana paraga saka Desa Kaliancar sing ndhalangi kabeh keda-deyan kuwi. Para inte! banjur sumebar menyang Kaliancar sing adohe kira-kira telung puluh kilo saka Desa Karang Lor. _ Patang sasi sawise kedadeyan kuwi, Karso Cepuk, Jaya Sumpel, Pawira Sing-kat lan Rebo diciduk pulisi banjur dita-han. Ing njero bui wis ana Pak Surasa kang katon loyo, pucet, lan ora nduwe greget urip maneh.
"Kados pundi ta larah-larahipun kok ngantos saget kewiyak?" pitakone Jaya Sumpel.
"Ya embuh. Jane kabeh samudana iki wis taktata rapi. Pamrihku sepisan, pulisi nganggep aku wis mati saengga ora ngongkreh-ongkreh anggonku korupsi. Sing nomer loro, aku bisa mitenah Pak Daryono minangka pawongan sing ndhalangi penculikanku. Aku ya wis ngurbanake sedhanku kok rusak kaya ngana.
Aku ya wis umpetan ana desamu sawise kedadeyan kuwi. Kok ndiialah nalika aku tilik putuku menyang Jakarta, ing pesawat kok ketemu ibune An is sing dadi TKW ana Hongkong. Sajake dheweke ngumbar crita manawa aku isih meger-meger. Landhesan crita kuwi pulisi banjur golek sisik melik menyang Jakarta sing ambanetanpa teba. E, ya kok meksa bisa nemokake awakku sing mung gering kaya mengkene iki."
"Lajeng kados pundi kahananipun Pak Daryono rival caleg panjenengan?" pita­kone Karso Cepuk.
"Dheweke jaya. Lintange moncer. Ya pancen kaya mengkene iki jagade politik. Kaya cakra manggiiingan, neknedhenge jaya ora kaya manungsa, nanging nek pas tiba ya ambleg bleg ora ana ajine."
Rebo mung meneng wae. Plompang-ptompong nyawang eternit kamar tahanan. Pikirane mubeng seser. Krasa me­nawa wis ora bisa dodol mie ayam ma­neh. Banjur Gareng anak lanang ontang-anting kepiye nasibe?
"Ana apa Bo kok praupanmu pucet. Durung tau di kunjara ta? Ya kaya meng­kene iki rasane. Kena kanggo pengala-man urip. Mbesuk nek metu kowe tobat. Luwih cedhak menyang Gustimu. Wayah-wayah kaya mengkene iki kena kanggo kaca benggala urip sing mung sedhela. Mulane kudu digunakake kanthi sabecik-becike," kandhane Pak Surasa.
Rebo ora wangsulan. Dhuwit sak ge-bog sing ditawakake Pak Surasa minang­ka opah nindakake samudana patang sasi kepungkur pancen miyurake imane. Ekonomine sing mung pas-pasan sakala blereng marang duwit gedhe sing pan­cen durung nate diduweni. Jebul dhuwit kuwi mau sing marahi gawe gendra lan nyeret dheweke mlebu kunjara.
Getun pancen tiba mburi. Upama patang sasi kepungkur dheweke ora nda­dak melu-metu rekayasane Jaya Sumpel, Karso Cepuk lan Pawira Singkat, wayah ngene iki wis mambu mie ayam sing dimasak. Lan wong-wong sing areptuku padha antri lungguh dhingklik.
"Pancen tumindak culika kuwi ora migunani. Malah kepara gawe rekasa," guneme Rebo karo nglumahake awake ing klasa. Langit mrabat saya peteng ing tembok-tembok kunjara sing kukuh methentneng.

No comments:

Post a Comment