Bab Werdine Elmu Kejawen

Bab Werdine Elmu Kejawen 
Saben krungu tembung KEJAWEN, paran pikirane wong/masyarakat, mesthi tumuju marang "Gugon Tuhon", "Klenik" Isp. Nanging mungguh sanyatane, Kejawen mono, ora liya yaiku elmune wong Jawa. Kang elmu mau ora liya, apa bae kang ditindakake dening pawongan, aja nganti gawe rugi lan cilakane liyan. Malah sabisa-bisa, apa kang ditindakake, gawe liyan rumangsa seneng marem lan tansah kepengin cecaketan karo kang tansah gawe seneng lan marem mau. Sejene kuwi, watake wong Jawa, ya kang nduweni Elmu Kejawen mau, tansah andhap-asor, ora ngegul-ngegulake dhirine, kang wis rumangsa luwih sembarange. Tansah ngajeni liyan, ngurmati lan sujud marang pinisepuh/pemimpin, ndhuwuran Isp. Kang tansah gawe seneng lan marame liyan mau, ora liya yaiku sesanti "KARYANAKTYAS ING SASAMI".
NGOTHAK-ATHIK TEMBUNG KEJAWEN Menawa diothak-athik kanthi gampang-gampangan bae, nanging ngandhut surasa kang jero, migunani banget tumrape manungsa kang urip ana alam ndonya iki. KEJAWEN, diothak-athik bae, AJA KESUWEN. MANEMBAH MARANG GUSTI KANG AKARYA JAGAD/GUSTI ALLAH Yen pancen ngakoni minangka wong beragama, yaiku nganut Agama apa bae, aja nganti kesuwen nggone tansah madhep marang Kang Maha Kuwasa, Maha Tunggal, yaiku Gusti Allah. Menawa agamane Islam, wancine sholat limang waktu, aja nganti diendhe-endhe merga saking repote. Menawa lagi kena coba apa bae, sejene pancen wis mbudidaya mbengkas kang dadi masalahe, aja lali terus nyenyuwun marang Kang Maha Wenang yaiku Gusti Allah. Mbudidaya karo nyenyuwun marang Gusti Allah, loro-lorone atunggal, ora kena dipisahake. Ping pindhone, menawa wong urip mono, kudu tansah mbudidaya golek kanggo urip, sasuwene ana ndonya, sejene kang tansah madhep marang sesembahane yaiku Gusti Allah. Kang ora liya kudu sregep nyambut gawe, sregep makarya, iktiyar, cundhuk karo kabisane dhewe-dhewe, utawa nurut sikon panguripane. Manembah marang Gusti Allah, amrih entuk ridhane Gusti Allah, gangsar nggone golek sandhang pangan, kanggo sangune urip. Amrih uripe tansah kecukupan sembarang kabutuhane. Sregep nyambut gawe, mbudidaya sakuwate, uripe bisa kecukupan sembarang kabutuhane, wusana banjur bisa kanggo sangu ngibadah, nurut ajaran Allah. Sebageyan kaskayane dianggo sedhekah, tansah nduweni watak brahlah, ora urip bermewah-mewah, senajan bandhane turah-turah. Dadi uripe bisa nyakup sakabehane, ibadah kanggo nalika isih urip ana ndonya, uga kanggo sangune ana akherat bakale. Watak dhemen tetulung, gotong-royong, tansah nduweni rasa welas-asih, senajan ta atine njarem. IBADAH SARANA SIKEP KANG NGEPENAKAKE ATI Tansah mesem ngguyu, ora njengkerut ulate peteng, menawa ngadhepi liyan kang gawe larane ati. Longgar dhadhane, ora gampang serik atine, tansah aweh pangapura marang kang nduweni kesalahan. Menehi pituduh becik, menehi dalan marang tangga kang manggon ing pernah mburi omah, menehi mangan marang kang keluwen, gelem ngalah menawa ana masalah kang sekirane kang gawe masalah emoh ngalah, ngeyel, wani ngalah luhur wekasane. Menawa lagi lelaku, ana dalan weruh barang kang sekirane bisa gawe cilakane wong liwat liyane, upamane bae, ana eri tengah dalan, ana prongkalan tengah dalan, ana bathang tengah dalan, banjur disisihake, nanging kanthi ati lila-legawa, ora kresuhan, longgar, bolong atine. Pokoke akeh banget, tumindak lan sikep kang bisa gawe wong liya ora nganti cilaka, malah rumangsa begja, kuwi uga klebu ibadah kang bakal entuk ganjaran saka Gusti Allah. Ya kaya mangkono mau, kang dadi watake wong Jawa, kang wiwit jaman kuna-makuna, tansah tumindak, ngetrapake elmune, kang elmu mau karan ELMU KEJAWEN. KEJAWEN? AJA KESUWEN? LANGSUNG TUMINDAK KANGGO KABECIKAN, kang murakabi kanggo dhiri pribadi, uga kanggo liyan. Nanging pancen uga akeh Elmu Kejawen, kang tumuju marang mesu raga lan batin, ningkatake bab mesu dhiri Isp, kang diarani Elmu Kebatinan. Kang ora liya, ngudi amrih batine, pribadine, tansah resik, aja nganti nduweni pikiran kang ora becik. Wusana mangga diothak-athik, amrih masyarakat aja nganti gampang kliru nggone mangerteni bab Elmu Kejawen, luwih-luwih kang nganut aliran moderen. Nuwun. (*)

No comments:

Post a Comment