ING jaman Majapahit agama wis nyawiji ing kabeh panguripan, ka-lebu kabudayaan. Kabeh perangan kabudayaan kayata seni bangunan, seni sastra lan seni panggung keblate menyang agama. Majapahit ora ngasilake bangunan-bangunan megah lan gedhe kaya Boro-budur lan Prambanan ing jaman Mataram kuna. Candhi-candhi jaman Singosari-Majapahit wujude candhi-candhi cilik,. gung-gunge akeh banget lan minangka makam kulawarga raja.
Ing jaman Majapahit ana candhi cacah loro kang dientha-entha kanthi relief kisah Mahabarata, yaiku Candhi Tegowangi (kang dibangun dening Rajasawardhana ing taun 1358 M) lan candhi Sukuh ing perengegunung Lawu, dibangun ing taun 1439. Kalorone nggunakake relief Sudamala. Ing crita pewayangan Sudamala biya-sane digunakake kanggo ngruwat, contone kanggo nglepasake anak "sukerta" saka bencana krana klairane, kanthi tebusan upacara keagamaan. Mbokmenawa relief candhi Tegowangi kanggo ngurmati ruwatan Nagarawardhani, putri tunggale Rajasawardhana ing perkawinane karo Bre Lasem.
Ruwatan Sudamala crita bab uwale Bhatari Durga saka wujude raksesi dening Sadewa. Adhedhasar data ing sejarah lan papan dununge budaya kasebut, yaiku re-sidu (sisa peninggalan budaya kuna) kang dilestarekake dening masyarakat Mojokerto ing jaman globaiisasi iki. Sadurunge penulis njlentrehake tradhisi ruwatan "Anak Sampir", perlu kawuningan bab ruwatan kang tinuiis ing.buku Centhini ana 13 anak sukerta kang kudu diruwat yaiku anak ontang-anting, anting-ontang, uger-uger lawang, kembang sepasang, kedhana-kedhini,kedhini-kedhana, pandhawa lima, pan-dhawa lima ngayomi, pandhawa madangake, pandhawa api-api, bathang angucap, jisim lumaku, lan ontang-anting lumuting tunggake aren.
Residu kang penulis aturake yaiku "Ruwatan Anak Sampir" kang dilestarekake ing Kodya Mojokerto. Tembung "sampir" ing bausastra Jawa-Indonesia (Prawiroad-modjo) tegese:
1. Sandang, selampai, selempang, selendang.
2. Serta atau bersamaan dengan...
Ruwatan "Anak Sampir" ing konteks iki nduweni teges "anak kang dilairake beba-rengan karo prastawa pagelaran wayang utawa pagelaran kesenian tradhisional". Ing pethiting abad ka-20, frekuensi "ruwatan anak sampir" ing Mojokerto tansaya nipis, lan merga dampak modernisasi dikuwatir-ake tradhisi iki bakal cures.
Kronologi Ruwatan Anak Sampir:
1. Pementasan wayang utawa pagelaran seni tradhisional.
2. Muncul tokoh ngendhegake lumaku-ne pementasan, amarga wis lair jabang bayi bebarengan karo pementasan kasebut.
3. Bayi kang lair sampir langsung di-gawa menyang papan panggonan, disiapake kanggo diruwat.
4. Upacara ruwatan, Ki Dalang ngusir Bathara Kala kang arep mangan bayi sampir. Minangka tebusan yaiku sesaji lan kanthi kairing ganda arum dupa (menyan lan kembang)
5. Pementasan wayang dibacutake. (Ing peragaan disajekake tari jaranan. kanggo ngluwari ujar). (Galangkung)
No comments:
Post a Comment