OMAH Jawa tetela cakrike warna-warna. Ing titi mangsa sing wis kawuri, wujude omah Jawa isih kagolong prasaja. Nanging tansaya suwe banjur sansaya ngrembaka sarta pepak, laras karo mekaring kabudayan sarta kabutuhan panguripaning manungsa. Sawetara wektu kepungkur, panaliten ngenani sawarnaning wangunan omah Jawa diadani dening Proyek Inventarisasi Dan Dokumeritasi Kebudayaan Daerah Departemen Pendidikan Dan Kebudayaan. Minangka asiling palapuran, kababar buku seiarah, "Arsitektur Tradhisional Daerah Istimewa Yogyakarta" dening Drs. Hj. Wibowo, Drs. Gatut Murniatmo, Sukirman Dh (tim dhaerah) lan Drs. Sugiarto Dakung (pusat).Katetepan laladan Yogyakarta minangka papan panaliten, yaiku kanthi dhasaryen Dhaerah Istimewa Yogyakarta iku mujudake sawijining papan panggonan kang dadi pusate wangunan arsitektur tradhisional Jawa. Laladan Yogyakarta (Kota Cede, Kerta, Plered), iku mujudake tiias Kraton Mataram Islam.
Yogyakarta uga dadi padununge Kraton Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat. Mula papan sing kanggo sampel panaliten yaiku ing witayah-wilayah kasebut. Kayata wilayah kecamatan Kraton lan Kotagede (Kota Yogyakarta), sarta Plered (Bantul). Saka pelapuran iku ing antarane kaandharake babagan wewangunan omah Jawa sing kaperang dadi limang cakrik. Yaiku saka cakrik omah sing paling prasaja engga wujud wewangunan sing luwih sam-purna. Arane omah cakrik Jawa, yaiku panggangpe, kampung, limasan, jogio, tajug. Mungguh arane cakrik omah Jawa iku satemene njumput saka jeneng-jenenge jinis payon omah Jawa. Yaiku payon bentuk panggangpe, kampung, limasan, joglo, lan tajug.
Jinis-jinis omah Jawa kasebut nuli tansaya mekar ngrembaka kanthi muncule variasi (cakrik, bentuk} sing mawarna-warna. Ing kalodhangan iki bakal kaaturake bab arane jinis omah Jawa sarta wujuding warna-warna variasi omah Jawa. Yaiku:
I. Omah Panggangpe.
Yaiku cakrik omah Jawa sing kagolong paling prasaja. Adeg-adege omah dumadi saka cagak (sakaguru) gunggung 4 utawa 6, sing kiwa tengene diisi aling-aling (pepet) nganggo gedheg utawa blabag. Sanadyan jinis omah iki umume mung wujud wangunan omah iugu sing kanggo barak, warung, kios, utawa cakruk (pos rondha), nanging kalaras karo kabutuhane, jinis omah iki uga kawangun kanthi mawarna-warna variasi satemah katon luwih becik ian
sampurna. Jinise cakrik, yaiku Gedhang Salirang, Empyak Setangkep, Gedhang Setangkep, Cere Gancet, Trajumas, lan Barengan. Mungguh jlentrehe:
a.Panggangpe Gedhang Salirang. Dumadi saka jinis wangunan panggangpe loro sing digabung. Carane, satah siji saka bentuk panggangpe kasebut digawe luwih cendhek, nuli payone digathukake karo bangunan sing luwih dhuwur. Gunggunge cagak 6 utawa 8 lonjor.
b.Panggangpe Empyak Satangkep. Dumadi saka omah wujud panggangpe pokok cacah loro sing digabung. Carane, wangunan panggangpe ing perangan ngarep digathukake sarta dikuwati cagak. Satemah payone katon nganggo wuwungan. Gunggunge cagak 6 utawa 9 lonjor.
c.Panggangpe Gedhang Satangkep. Dumadi saka gabungan rong wujud Panggangpe Gedhang Salirang. Carane, perangan payon paling dhuwur disambungake, saengga payon katon mawa wuwungan. Cagak gunggung 10,15, utawa 20, lan sateruse.
d.Panggangpe Ceregancet. Dumadi saka gabungan omah Panggangpe Gedhang Salirang cacah loro. Carane perangan payon sing paling cendhek digathukake siji lan sijine. Dadi wujuding wangunan duweni wuwungan cacah toro. Dene perangan ing prenah sambungan dipasangi talang.
e.Panggangpe Trajumas. Wa¬ngunan omah iki migunakake pangeret cacah telu lan cagak cacah enem. Dene payone mung cukup sasisih.
f.Panggangpe Barengan. Wangu¬nan omah iki wujud gabungan panggangpe sing dlwangun jejientrekan memburi kaya dene antri. Mungguh wa¬ngunan ing sisih ngarep payone digawe luwih cendhek.
II. Omah Kampung.
Yaiku jinis cakrik omah Jawa sing satingkat luwih becik kabandhing karo omah Panggangpe. Gunggunge cagak ganep, bisa 4,6,8, lan sateruse. Ing perangan payon digawe munggah manengah tumuju wuwungan. Jinise cakrik kayata: Paculgowang, Srotong pak, Klabang Nyander, Lambang Teplok, LambangTeplokSemarTinandhu, Gajah Njerum, Cere Gancet, Semar Pinondhong.
Mungguh Jlentrehe:
a. Kampung Paculgowang. Yaiku wujud wangunan omah kampung baku katambah wangunan omah cakrik Panggangpe sing kapasang kanggo emper. Dene ing bageyan wuwungan ditutup gendheng wuwung. Sangisor gendheng sisih njaba ditutup gedheg wujud paju telu sing aran tutup keyong (biyen). Yen saiki umume ditutup nganggo pasangan bata. Gunggunge cagak 6,8, utawa 12 lonjor.
b. Kampung Srotong. Wujude mempercakrik Paculgowong nanging katambah emper ing perangan pungkuran. Dadi empere ana cacah loro ngarep lan mburi. Gunggunge cagak 8, 12, utawa 16 lonjor.
c. Kampung Daragepak. Wangunan iki kabeh sakupenge omah ditambahi wangunan emper (cacah 4). Gunggunge cagak 16, 20, 24 lan sateruse.
d. Kampung Klabang Nyander.
Wangunan iki mujudake omah kampung umum. Gunggunge cagak 16, 24, utawa punjul. Wujuding wangu¬nan mbutuhake penggeret 4 utawa 6 iji. Payon cacah loro sumeleh ing sisih kiwa lan tengen, wuwungan, 1, mawa tutup keyong.
e.Kampung Lambang Teplok. Wujud Variasi liya saka omah kampung. Antarane payon ana reng-gangan sing disebut brunjung (payon paling dhuwur sing duwe piguna kaya blandar), kekarone disambungake karo sakaguru gunggung 4. Payon ing sangisor lan satengen brunjung disu-sun renggan, murih ora gathuk rapet an-tarane payon ngisor karo payon ndhuwur. Wuwungan 1. Tutup keyong 2. Cagak gunggung!6 apa 24. Cagak tengah cacah 4, minangka sakaguru.
f. Kampung Lambang Teplok Semar Tinandhu. Wujude meh sairib Kampung Lambang Teplok, nanging cagak panyangga brunjung kang ana ing sisih ndhuwur, diadegake ing ndhuwur blandar utawa penanggap. Dene blandare iku dhewe disangga mawa cagak-cagak panyangga kang ana plnggir. Gunggunge cagak 12 lonjor.
g. Kampung Gajah Njerum. Mujudake bentuk variasi sing beda saka omah kampung. Wangunan emper gunggung telu, yaiku ngarep, mburi, lan ngi-ringan. Cacahe cagak 20 utawa 24. Wuwug 1, tutup keyong 2.
h. Kampung Ceregancet yaiku. Gabungan jinis kampung Paculgowang cacah loro. carane nggabung kanthi nyambung perangan sing ora ana empere, !ng prenah sambungan dipasangi talang, saengga yen udan banyune ora mlebu omah. Payon ngarep (an buri susun loro. Gunggunge cagak 20, 24 lan sateruse. Wuwungan 2.
i. Kampung Semar Pinondhong. Yaiku Cakrik omah kampung sing beda maneh. Wangunan mung migunakake cagak kang dijejer ing sisih tengah mitu-rut dawane wangunan. Gunggunge cagak bisa 4,6, lan sateruse. Payone di¬sangga balok kayu sing kapasang nga-deg (horizontal) ing cagak panyangga. Amrih tetep imbang, balok horizontal iku dipasang kayu panyiku. Wujud wangunan iku mawa wuwung 1, tutup keyong 2. (Ana Candhake)
No comments:
Post a Comment