Kursi Antik
(Trilaksito Saloedji)
Sawise pelantikan ing Surabaya, aku lan sisihanku tumuju menyang panggonan tugasku sing anyair Sawijining Pabrik Gula ing pesisir lor, ora adoh saka kutha kabupaten.
Sawise kuwi ing ndalem telung dina, kegiyatanku yaiku nganakake sapatemon karo karyawan sapabrik lan bojone ing Balai Pertemuan. Kenalan ngiras ngeling-ake tugas kang kudu
diemban. Nuli ninjo emplasemen lan mlebu njero pabrik sarta besali. Banjur ninjo gudhang gula, pe-nampungan tetes lan gudhang pabrik.
Gudhang pabrik kanggo nyimpen ba-rang-barang keperluwan pabrik, alat-alat pertanian lan barang-barang bekas. Ing ruwang kanggo nyimpen barang-barang bekassmg ora bisa dimanfaatake kanggo keperluan pabrik apadene kebon, panata-ne ora bisa rapi. Jalaran maceme barang lan ukuran sarta wangune maneka warna. Ana gensetbekas, kompabanyukang ru-saknemen, bageyan bodyne. traktotban traktorkang ora bisa dianggo maneh lan meja kursi tamu, kursi kursi liyane lan jam tembok antik.
Aku nyawang kursi antik sajodho kang diseleh ing pojok kidul. Isih meger-meger ngadeg. Katon isih kuwat, digawe saka kayu jati. Wangune kursi luwih gedhe lan amba katimbang ukuran kursi jaman saiki. Nanging warnane wis ora karuwan. Pang gonan lungguhan lan sendhenan saka ram-raman penjalin, wis bodhol kabeh. Ketam-bahan sawang nutupi salumahing kursi kuwi. Aku ngira, biyen kursi iku dadi klangenane sing duwe utawa sing ngenggo. Nalika isih apik, temtu krumat. Ana ukiran ing bage¬yan sikilan, tanganan, sarta sendhenan pera-ngan ndhuwur.
Aku ora nakokake utawa ngrembug bab kursi kuwi. Sanajan aku kepencut lan ke-pengin ngramut, kanggo barang inven-taris. Kuwatir dikira pejabat anyar neka-neka, kemilikan lan sa-panunggalane. Kabeh isihtaksimpen ingati. Omah dhines kanggo pimpinan' pa¬brik madhep ngalor. Biyen katelah besaran. Nyatane omahe pancen gedhe lan amba mrebawani. La-tare saembrah-embrah. Latar iki mangku dalan gedhe kang rame dening swarane kendharaan-kendharaan.
Srambine amba lan dawa. Dhuwure sameter saka lumahing latar. Dadi ana un-dhag-undhagan sadawane srambi kuwi. Sanajan atape saka seng ananging ora marahi sumuk, jalaran dhuwure ana yen nem meter saka jobin marmer. Srambi iki diisi rang stel kursi tamu kang wangune gedhe-gedhe. Nyata iki kursi kuna kang isih kopen, paling ora panggonan lung¬guhan lan sendhenane tau diganti bulza ge. Sawatara pot-pot gedhe kang ditan-duri kekembangan ditata cekli ana ing srambi iki. Lukisan gedhe dipasang ing tembok, mahanani swasana srambi iki da-di luwih nges.
Ing srambi sisih kidul ana lawang kupu tarung, gunggunge loro. Lawang iki nyambung srambi karo ruwang tengah, ruwang kanggo santai lan dhahar. Ru¬wang iki mangku kamar t/durkang cacahe ana papat tur amba-amba.
Latar kang amba iki, ing bageyan wetan kanggo dalan mobil mlebu-metu besaran. Ing pinggire dalan ditanduri wit pelem tharik-tharik, wiwit lor nganti wates besaran ing sisih kidul. Liyane diwangun kanggo taman, kanthi tanduran kembang maneka warna, kang resep ing pandulu.
Sing tanggung jawab ngopeni latar ngarep lan mburi kuwi jenenge Pak Ah-mad. Sawijining karyawan pabrik kang umure meh seket taun. Wonge sregep, priya kanthi pawakan sedhengan kuwi tau crita manawa bapake biyen dadi pelayan besaranVsne. Jenenge Pak Kasan, omahe ing mburi pabrik. Saiki umure wolung pu-luh taun luwih, nanging isih sehat, mung suda pangrungon lan pandelenge.
Ora krasa wis nem wulan aku lan si-sihanku manggon ing kene. Yen dhong lungguhan ing srambi, gawang-gawang aku tansah kelingan kursi antik sajodho kang dibungkus sawang lan lebu ing gudhang pabrik. Srambi samene ambane yen mung ketambahan kursi sajodho kok ya isih mathuk. Kursi kuwi apik yen di-seleh ing wetane lawang. Kursi kuwi rak luwih dhuwur katimbang kursi tamu. Dadi manawa lungguh ing kono, luwih rowa bisa nyawang latar kang asri dening ke¬kembangan lan kolam kang direnggani air mancur ing tengahe. Bisa nyawang dalan gedhe kang tanpa kendhat diliwati wong liwat lan kendharaan liyane.
Tak pikir lan tak timbang-timbang, apa pengaruh lan akibate manawa aku ngongkon andhahanku ngetokake kursi antik kuwi saka gudhang. Banjur didan-dani nganti ball asal, saengga bisa dipa-jang ing srambi iki. Niyatku becik, ora ba-kal cilike nguwasani gedhene nganti ngepek barang kuwi. Kena apa koktidha-tidha. Bismillaahirrohmaanirrohim, lillaahi ta'aala. Esuke aku prentah nyang kepala kantor supaya ngetokake kursi sajodho kuwi saka gudhang lan ndandakake nyang toko meubel, kanthi weling supaya palungguhan lan sendhenan tetep dipasangi ram-raman penjalin lan diplitur sing apik.
Ora lidok, bareng wis dadi, kursi iki pancen apik tenan. Mrebawani. Sidane aku kongkonan nyeleh ing panggonan kang wus tak rencanakake. Yen sore aku kober lungguh ing kursi kuwi. Sanajan palungguhane mung saka ram-raman penjalin, nanging rasane empuk, kepe-nak. Bisa nyawang sesawangan ing nga¬rep kanthi bebas.
*
ESUK iki, sawise shalat wengi lan dzikir, hawane sumuk. Isih sawatara wek-tu ngenteni shalat Subuh. Aku metu saka besaran, mlaku ing latar golek hawa se-ger. Tumuju gardhu panjagan. Ketemu satpam pabrik sendhen ing kursi, keturon. Aku lungguh ing kursi sacedhake. Sajake satpam kang jenenge Satumin iki, kesel banget nganti nglirwakake tugase. Tak enteni sawatara. Dheweke krasa yen ana wong ing sacedhake. Gragapan tangi. Ba¬reng weruh yen sing njejeri kuwi aku, sakala katon bingung, akhire njaluk pa-ngapura.
Nunggal dina, sawise Isya', aku mulih saka kutha karo sisihanku. Sajake Satu¬min, satpam sing mau bengi jaga, saiki entuk giliran p/oegsore. Hawane panas, aku ngisis ing srambi sedhela, null mlaku mlaku nglemesake sikil. Tekan gardhu penjagan, Satumin aweh urmat. Tak jak omong sing ora ana sesambungan karo tugase.
Null dheweke celathu kanthi ngati-ati: "Kepareng kula badhe nyuwun priksa Bapak?"
"Hiya ana apa ?"
"Menapa kalawau dalu wonten tamu nyare ing besarar?"
Aku meneng sedhela, saupama ing panggonan kono padhang, kira-kira Satu¬min weruh yen bathukku njengkerut, mi-kir arep nyang endi tujuwan pitakonane. Aku omong apa anane: "Kok ora ana. Ana apata?"
"Nyuwun pangapunten Bapak". Dhe¬weke banjur meneng.
Aku malah sing ngoyak: "Coba critaa ana apa ?"
Dheweke katon wedi, nanging kume-cap : "Kalawau dalu sasampunipun tabuh kalih, kula sumerep wonten pawongan ageng inggil, lenggah ing kursi inggil ing srambi sisih Wetan".
"Lho ing sisih wetan lampune rak re-meng-remeng, apa pandelengmu jelasyen kuwi uwong ?", pitakonku ora precaya.
Wangsulane : "Inggih leres makaten. Malah nalika Pak Komendan (Komandan Regu Jaga) rawuh, piyambakipun tumut ningali. Lajeng tiyang kalih kanthi alon-alon nyelak. Sumerep-sumerep paraga ageng inggil punika musna".
Krungu omongane Satumin githokku mengkorog. Sawise sawatara, kanthi sareh aku celathu : "Min, apa sing mbok kawe-ruhi becike aja dicritak-critakake wong liya ya".
"Sendika Bapak".
Sawise kuwi aku malah sering menyang srambi. Maspadakake panggonan kang dicritakake Satumin.
Sawijining dina sabubare shalat Su-buh, aku liwat srambi sisih wetan. Ru-mangsaku ana sing aneh. Aku mandheg. Irungku mambu barang sing apeg. Na-nging aku ora bisa mesthekake ambune apa. Suwe-suwe aku kelingan lan ngira manawa iki ambune rokok. Gek sapa sing ngrokok ing kene. Aku ora crita nyang sisihanku. Saben dina tak perlokake liwat srambi sisih wetan kasebut. Kala-kala mambu, ing liya dina ora. Taktiteni saben dina Jemuah lan Selasa esuk ing kono mesthi mambu rokok. Gek ambune jan
nyegrak banget.
*
YEN Satumin sing jaga, aku merlokake marani lan ngejak omong ngenani wong gedhe dhuwur kang ngetok ing srambi.
"Piye, aman-aman bae ?"
Wangsulane: "Kasinggihan Bapak. Mboten saben dalu tiyang ageng inggil menika ngetingal".
Pitakonku: "Saelingmu dina apa bae?"
Dheweke meneng sajak ngeling-eling, null celathu: "Menawi mboten lepat ing dinten Senen kaliyan Kemis dalu".
Ee lha dalah, kok sambung karo am¬bune rokok ing dina Jemuah esuk lan Se¬lasa esuk. Apa wong gedhe dhuwur kuwi lungguh ing kursi antik karo udud ?
Aku mikir, dadi underaning rembug, kedadeyan iki ana sambung rapete karo kursi antik. Aku gela lan nutuh nyang awakku dhewe, kathik ngopeni si kursi sing wis di-singkirake ing gudhang puluhan taun suwene. Nyut aku kelingan nyang Ahmad tukang kebon besaran. Sabene dheweke tau crita manawa bapake tau dadi pelayan besaran wiwit Landa mbiyen. Sapa ngerti ana crita sing bisa mbukak wewadi iki.
Esuke nalika aku arep nyang kantor, ketemu Ahmad kang lagi ngasah arit. Saka ndhuwur mobil aku omong: "Ah¬mad, bapakmu rak sehat ta ?"
Wangsulane: "Inggih Pak. Menapa wonten dhawuh ?"
Aku celathu : "Tulung ya Mad, mengko sore sabubare Maghrib bapakmu jak-en mrene, aku ana prelu. Rak bisa ta ?"
Wangsulane Ahmad gita-gita: "Oo ing-gih, inggih saged".
Sorene Ahmad karo bapake njujug srambi mburi. Sawise pitepungan karo bapake, taktemoni ing srambi kono. Swa-sanane malah santai, karo nyawang ta-man mburi kanthi kolam iwak maneka warna kang lelumban sinartan mancure banyu saka ndhuwur.
Sawise omong-omongan ngalor ngidul, aku takon: "Pak Kasan, kadospundi kawon-tenan besaran rikala Walandi rumiyin?".
Pak Kasan banjur crita, manawa ba¬pake dadi pelayan ing besaran kono. Pi-rang-pirang taun dheweke ngernetnyl-nau carane leladi ing besaran. Sawise bapake pensiun, kanthi idi administrating sing jenenge Tuan van der Broer, pega-weyan pelayan lumengser marang dhe-weke. Sawise nyambut gawe kurang lu-wih telung taun, ana owah-owahan kaha-nan. Jepang ngrabasa mlebu Pulo Jawa. Ing taun 1942 iku uga Pabrik Gula iki di-broki serdhadhu Jepang. Tuan van der Broer saanak bojone kapikut Jepang. Ora ngerti nasibe sateruse.
Nalika tak takoni apa Pak Kasan isih kelingan blegere Tuan Broer lan apa karemane ? Wangsulane: "Priyantunipun ageng inggil", Pak Kasan ngadeg karo ngangkat tangane - siji setengah kilan - ing dhuwure sirahe, nuduhake dhuwure Tuan Broer kira-kira luwih satus wolung puluh centimeter.
"Praupanipun bunder, mripatipun wi-yar, brengosipun subur boten kopen, lang kaliyan wulu jenggot saha godhegi-pun.. Karemanipun udud tanpa kendel. Gek ududipun cerutu".
Dheg, dhadhaku kaya ana sing nam-peg, Aku sendhen ing kursi. Gek-gek wong gedhe dhuwur sing gawene ngetok nyang Satumin kuwi memedi kang memba-memba Tuan Broer. Jibles banget karo am-bu apeg kang tak kira rokok, jebul cerutu. Mulane ambune jan nyegrak banget.
Sawijining dina aku mulih saka Sura-baya parak esuk, kira-kira jam loro luwih. Aku mandheg ing gardhu penjagan be¬saran. Ndilalah sing jaga Satumin. Omong-omongan karo dheweke, nanging mripat-ku nyawang nyang srambi besaran sisih wetan. Ing antarane lampu kang remeng-remeng ana bleger kaya manungsa lung¬guh ing kursi antik. Mak tratap...., dha¬dhaku kumesar, Satumin tak cablek nganggo tangan kiwa, tangan sisih tengen nuding nyang srambi besaran. Satumin melu nyawang, karo celathu: "Nggih punika ingkang nate kula aturaken".
Nalika aku lan Satumin mlaku alon-alon tumuju srambi mau, bleger manungsa brewokan gedhe dhuwur kasebut..... mak plas ilang.
Esuke sadurunge makarya aku ngi-nguk srambi... makseeng... ambu rokok nyegrak ing irungku. Aku kelingan saiki dina Jemuah.
Tekan pabrik aku mampir nyang ru-wange Kepala Kantor, tak dhawuhi supaya utusan wong mindhah kursi antik sajodho saka srambi besaran nyang Balai Perte-muan. Kursi kuwi kena kanggo palung-guhane wasit tennis meja.* (Cuthel)
No comments:
Post a Comment