Aku menthelengi tulisan ing majalah PanjebarSemangat kanthi ati trataban. Geguritan ang kebak pangrasa ing tanganku, bola bali takwaca tanpa ke-dhep. Lambeku gemeter karo ndremimil. Rasane donya kaya ambruk ing dha-dhaku. Dhuh, Gusti.,.jeneng kang kapa-cak ing ngisor geguritan kuwi sing marai jantungku kaya ucul-ucula. "Sri Wirdaningsih...".
Wewayangan rong puluh taun ke-pungkur kaya digelar neng ngarep mripat-ku. Kawitane jaman isih menganggo se-ragam putih biru, aku ketemu karo Sri Wirdaningsih. Aku ngrumangsani yen wiwit duwe rasa beda marang kenya manis kuwi sawise srawung udakara limang sasinan. Nanging, aku ora kuwawa nyuntak rasa ing njero atiku, jalaran aku wedi marang wong tuwane. Pak Pambudi, ya bapake Sri Wirdaningsih mono salah sijine guru kang mulang ing SMP-ku.
Piyantune gedhe dhuwur, dhisiplin lan galake ora mekakat. Kabeh guru apa maneh siswa ing sekolahku wedi karo penjenengane.
Saliyane kuwi, Sri Wirdaningsih kalebu siswa kang lantip malah kepara paling pinter ing kelasku. Telung taun aku mung bisa nyawang eseme kang pait madu, rambute kang ngandhan-andhan lan guyune kang renyah dirungu. Aku mung saderma anak buruh tani sing ora duwe kaluwihan apa-apa. Utegku kendho, ora encer. Asring kanggo bahan gojegan lan ece-ecenan kanca-kanca sakangkatan. Yen diupamakke paribasan, aku karo Sri Wirdaningsih kuwi pindha bumi karo langit.
Nganti ngancik SMA, aku panggah ora bisa nglalekake rupa ayune Sri Wirdaningsih. Beja banget aku bisa klebu SMA I, SMA favorit jaman semana ing dhaerah-ku, senajan kanthi biji pas-pasan. Ndilala-he, kersane Gusti, aku kok sakelas maneh karo pepujaning atiku kuwi. Nanging, se-taun lumaku, ora ana owah-owahan apa-apa. Aku tetep elingus, wedi, ora wani nyedhaki dheweke. Omong-omong ya mung saperlune wae jalaran aku ora betah yen suwe-suwe adu arep karo Sri Wirdaningsih. Gugup, atiku kroncalan, lan sing ngisin-isinake maneh raiku dadi abang ireng lan bisa dipesthekake omong-anku malah dadi ora karu-karuwan jlun-trung.
Rasa ing atiku tambah ngrembaka bareng munggah kelas loro. Nanging, tak rasak-rasakke aku kok malah dadi kelara-lara dhewe. Sri Wirdaningsih kaya-kaya sangsaya adoh saka panjangkaku. Sawise dinobatake dadi "Mbakyu SMA I" ngepasi acara mangayubagya dina kelairane R.A Kartini, bocah kuwi dadi saya akeh peng-gemare. Ora siji loro kanca priya kang nyoba nyedhaki, ngajak kencan, malah akeh uga kang wani "nembak" dheweke. Yen wis ngono kaya ana geni mubal-mubal ing dhadhaku. Ewasemono aku ya mung meneng. Lha kepriye maneh, wong dheweke dudu apa-apaku.
Nyedhaki ujian akhir sekolah, rumangsaku Sri Wirdaningsih dadi beda. Dheweke luwih anteng, meneng lan ora akeh guyonan kaya adat sabene. Malah kala-kala aku meruhi dheweke suntrut, lungguh dhewekan ing bangku kelase ngepasi jam istirahat ngana kae. Aku mung nyawang, ora wani nyedhak. Yen ora sadar dheweke noleh, aku gage-gage mlengos, mbuwang panyawangku ing panggonan liya. Aku wedi, ndredheg yen nganti Sri Wirdaningsih ngerti iagi taksa-wang saka kadohan. Rasa gumunku sangsaya ndadra nalika sawijining wektu aku meruhi dheweke Iagi nangis sesenggruk-an ing koridhor kamar mandi. Kebener-an, nalika semana aku ya arep mlebu kamar mandi priya sing sebelahan karo kamar mandi wadon. Ora dinyana, aku krungu swara tangis kang nrenyuhake. Bareng taksetitekake kanthi permati, jebul kuwi swara tangise Sri Wirdaningsih. Aku blangkemen, kamitenggengen ora wani nyedhak, ora wani ngaruh-aruhi. Aku mung nyimpen pitakonan gedhe ing njero sirahku, ngapa kok kenya manis kuwi nganti nangis kelara-lara? Gek sapa sing wis kumawani lan tegel gawe dheweke nganti kaya ngono? Aku mesakke, bingung apa kang bakal taklakoni?
Lulus SMA aku wis ora ngerti maneh kabare Sri Wirdaningsih. Ana sing kandha yen dheweke sekolah ing Yogyakarta. Atiku remuk nanging aku ora bisa apa-apa. Arep protesa, protes karo sapa? Ora ana pawongan siji-sijia sing ngerti yen aku nyimpen katresnan mataun-taun marang dheweke. Aku banjur lunga nyang Surabaya, nyoba golek panguripan dhewe ing Kutha Pahlawan kuwi. Aku ora nerusake kuliyah jalaran wong tuwaku ora duwe dhuwit kanggo ngragadi. Aku isih duwe adhi loro sing isih butuh biaya sekolah kabeh. Aku pamit marang wong tuwaku lan njaluk pangestu muga-muga panjangkahku ing kutha Surabaya meng-kone bisa kasil lan aku duwe pangajap bisa ngrewangi sanggane bapa biyungku ora ketang mung sethithik Gusti Allah pancen ora nate sare. Kanthi donga tanpa kendhat, sawise telung taun kerja parttime\ng sawijining toko mebel, aku ditampa dadi karyawan tetap ing kono. Saben dina aku kerja pon-tang-panting, malah kala-kala ora nggagas wektu nganti wengi barang. Aku ora tau nulak lemburan amrih bisa urip temanja lan bisa ngirim dhuwit kanggo wong tuwaku. Alon-alon mbarengi, mla-kune wektu, atiku bisa keslimur. Wewa-yangane Sri Wirdaningsih mbaka sithik bisa taksisihake saka pikiranku. Aku uga nyoba mbukak ati marang wanita kena-lanku kang kerja ing restoran China se-belah kos-kosanku. Bocahe ora pati ayu nanging lencir kuning. Sing marai atiku ser-seran, dheweke mono sawijining wanodya kang grapyak, semanak, malah kala-kala rada aleman karo aku. Jenenge Ima, dheweke asli wong Surabaya kono. Sasuwene srawung lan ngerti sapa Ima satemene udakara limang taunan, aku mantep njangkah luwih maju. Aku pengin ngrengkuh Ima dadi bojoku. Aku pancen ora bisa nresnani dheweke kaya tresnaku marang Sri Wirdaningsih, nanging aku pengin nyoba mbangun bale wisma karo dheweke. Aku uga wis wani ngajak dheweke bali ndesa, takkenalake karo wong tuwaku. Polatane kang sumeh njalari bapa biyungku kepranan. Malah adhi-adhiku langsung seneng karo bocah wadon kuwi lan asring nakokake yen nganti sasenan ora ketemu Ima.
Aku nembung Ima marang wong tuwane. Bapak ibune Ima ora kabotan anak wadon ragile takjaluk bakal takdadekake sisihanku salawase. Ora suwe aku nyiapake ubarampe kanggo acara nikahanku. Ulem-ulem wis sumebar. Ali-ali kang bakal tak pasang ing drijine Ima ya wis cemepak. Kabeh sanak kadang, kanca, sedulur padha teka amrih melu seneng lan menehi donga pangestu marang aku lan Ima. Ing dina kang wis ditemtokake, Ima katon mesem ngujiwat nganggo kebayak lan kudhung putih. Pak Naib kang bakal ngijabake aku lan Ima ngendikan karo bapakku lan bapakke Ima. Para seksi katon sumringah. Ibuku bola bali mesem lan katon gayeng ngobrol karo ibune Ima lan adhi-adhiku. Tamu-tamu kang bakal nyekseni ijabku wis pepak ngumpul dadi siji ing omahku.
Nanging, ing acara paling sakral lan paling penting ing uripku iki geneya aku malah kelingan Sri Wirdaningsih? Kaya ana sing ngongkon, aku njupuk pasfoto 3x4 sing udakara 20 taun taksimpen ana ing dhompetku paling jero. Rupa manis kunciran loro kanthi lathi mesem. Aku nyolong pasfoto kuwi saka kantor TU nalika diutus ngisi spidol boardmaker dening Bu Ayu, guru matematikaku. Ndi-lalah wektu kuwi ning TU pas ora ana karyawane siji-sijia. Aku kaget meruhi pasfoto akeh kang gumlethak ing mejane mbak Anik. Salah sijine ya pasfotone Sri Wirdaningsih kuwi. Sakala, mbuh pikiran saka ngendi aku njupuk pasfotone Sri Wirdaningsih siji, taksimpen lan nganti saiki ora ana sing ngonangi. Ya pasfoto kuwi sing tansah nyemangati uripku sa-suwene iki. Obat wuyung yen mara-mara aku kelingan dheweke.
"Sri...", aku ora bisa kumecap apa-apa, mung ukara kuwi kang bisa metu saka lambeku. Tak aras alon pasfoto kuwi kanthi kebak rasa asih lan katresnan.
"Mas Bagas, kae Iho Pak Naib wis siyap. Kok malah mbegegeg neng kono kuwi ngapa?" Grenenge adhiku, si Tardi ngagetake lamunanku. Aku gragapan, banjur eling yen dina iki aku kudu nglalekake kenya ing pasfoto kuwi salawase. Aku age nyimpen pasfoto kuwi maneh lan ora gantalan suwe lungguh ana ing sebelahe Ima kang wis nunggu.
Telung sasi omah-omah karo Ima, aku ngrasakake uripku dadi ana wernane maneh. bocah wadon iku pinter banget nyenengke atiku saberi dina. Apamaneh bareng Ima telatora wulanan, lan miturut dokter positif ngandhut, aku tambah se-mangat nglakoni urip. Aku pengin mbales sakabehing tresnane Ima sakjiwa ragaku. Gajiku kang saiki wis lumayan akeh mbaka sithik isa ndandani uripku. Aku isa nyicil omah dhewe lan diwenehi fasilitas sepedha motor karo toko mebel pang-gonanku kerja.
Ora ana udan ora ana angin, awan kuwi ball saka kerja, aku nabrak bocah umur wolulas taun sing nggawa koran lan majalah-majalah akeh ing tase. Tujune bocahe ora apa-apa, mung mringis namatke barang dagangane sing kocar kacir. Aku sing rumangsa luput, age-age nglumpukake barang-barang sing pating kececer lan njaluk ngapura marang bocah kuwi. Nalika aku ngulungke dhuwit kanggo ngijoli apa kang nembe wae kedadeyan, bocahe nulak.
"Matur nuwun, Pak. Kula mboten napa-napa kok", aloke bocah kuwi karo nampik dhuwit atusan ewu ing tanganku. Nanging, tak deleng ana salah sijine ma-jalah Panjebar Semangat sing suwek bagian ngarepe, Kanggo nyuda rasa luputku, aku banjur nuku majalah kuwi. Kamangka seprana seprene aku ora tau maca majalah Panjebar Semangat sana-jan asring ngerti bosku lagi maos majalah kuwi yen lagi nganggur ora ana gaweyan. Aku nggawa majalah kuwi mulih. . "Kesel Mas?", Ima mapag tekaku karo ngulungke wedang putih. Aku mesem banjur ngombe. Atiku isih ora percaya bisa nabrak bocah sing dodol koran mau. Kamangka rumangsaku yen numpak motor aku ora banter. Mbuh saka ngendi sangkan parane bocah kuwi mara-mara wis ana ing ngarepku.
"Hhh..." aku unjal ambegan landhung. Ngucap syukur marang Gusti Allah, dene bocah kuwi ora apa-apa mung katon blesret sithik ing tangane.
Bubar adus lan salin panganggo aku eling yen mau awan nuku majalah Panjebar Semangat saka bocah sing taktabrak. Ima katon lagi lempit-lempit kumbahan. Siji-siji takwaliki majalah kuwi. Hmmm, jebul akeh sing isa takwaca. Tekan bage-yan cerkak, aku man-dheg. Nyoba maca crita-ne sing judul "Tangise Kinanthi". Wela-dhalah... mesakke temen nasibe Kinanthi, salah sijining wanita kang setya tuhu marang sing lanang kepara dadi pasa-ngan teladan, lha kok ing pungkasan crita malah dikhiyanati dening bojone. Sawise maca maneka warta ing majalah kuwi, aku angop. Nanging, amarga isih pe-nasaran karo isi liyane, aku nerusake mbukaki majalah kuwi.
"Taman Geguritan. Wah puisi-puisi iki", batinku.
TAKANTU TEKAMU...
Wong lanang pepujaning atiku, Wong lanang kang tansah takantu Tresna kang sumunarsaka bangku
sekolah Ora bisa Hang saka lamunaning uripku
Dhuh Gusti...kowe ana ing ngendi
Jroning ati ora bisa tak selaki
Aku tansah eling sliramu Saben taksiriki tarn bah kepati Saben tak selaki tambah nyokot ing ati Tangisku amung kanggo sliramu Tresnaku amung kanggo atimu
Bagas Wibisono...kowe sing takantu
Biyen, saiki, lan salawase
Sri Wirdaningsih Yogya, 9 Desember 2011
(Cuthel) (Panjebar Semangat No. 9-2 Maret 2013)
Sangat bermanfaat, Matur nuwun ...
ReplyDelete