Dak kira ora ana uwong sing durung nate weruh wujude uler. Mesthi wae wong lumrah sing ora nandhang cacat wuta paningale. Jinise uler iku akeh banget umpamane uler sing pangane bangsa gegodhongan. Ana uler sing gawene ngrikiti wit-witan, ana uler sing pangane bangsa woh-wohan sarta uga ana uler sing pangane bangsa bathang lan dak kira uga isih akeh maneh jinise uler sing durung kasebutake ing ngarep Lumrahe saben uwong mesthi gila yen weruh uler, jalaran wujude uler iku pancen nggegilani. Mula ya ora ana uwong sing ngingu uler kanggo klangenan kaya dene perkutut, kucing. jago, asu, jaran lan liya-liyane bangsa iber-iberan utawa oceh-ocehan. Ewadene yen jaman saiki ana uwong sing ngingu uler nganti atusan malah ewon cacahe iku dudu klangenan, nanging mujudake sawijining budidaya ternak ulat kapreluan bisnis Upamane budidaya.Ulat sutera lan ulat Hongkong.
Kajaba wujude sing nggegilani, uler iku lumrahe klebu golongane kewan ama sing tansah agawe kapitunan, sing akeh dadi ama tanduran. Sanadyan nyatane panguripane uler iku mung tansah agawe kapitunan manawa disetitekake bisa dadi pasemon sing isi piwulang becik tumrap para manungsa sing tinitah kacek kalawan sa-pepadhaning dumadi.
Ama Tanduran Sing Tansah Gawe Kapitunan
Wiwit netes dadi uler nganti tuwa utawa dewasa yen cara manungsa, uler iku prasasat tanpa leren anggone tansah ngrikiti wit-witan, godhong sarta wohe tetuwuhan nganti cures ludhes tanpa tilas. Waton wis wareg wetenge lan lemu awake, si uler wis ora preduli marang panandhang, lan kapitunan sarta kasangsarane liyan. Rang mangkono mau jalaran si uler pancen bangsane kewan sing ora kanggonan akal budi, nalar lan pikiran.Beda karo bangsa manungsa, titah sing kinacek karo sesamaning titah ing madyapada iku pinaringan sipat sarta parabot ganep. Darbe rasa pangrasa, darbe akal budi, nalar lan pikiran. Mula manungsa iku akeh sing wasis yen mung bab sesorah kautaman, sanadyan racake wasis sesorah nanging ora bisa ngecakake isining sesorahe dhewe. Dadi genahe akeh sing mung lamis. Akeh banget manungsa sing tumindak ora tepa awak,kerep ngrembug babagan kautaman lan kabecikan, nanging tumindake dhewe sulaya karo rembuge dhewe. Tumindak nistha, degsiya wengis sarta lamis ora rinasa, ora pinikir yen kabeh tumindak ala mau ndhedher kasangsaran sarta nyebar kapitunan ora beda karo patrape uler kewan sing tanpa akal budi nalar lan pikiran.Dene yen uler wis genah yen kuwi kewan, tur klebu golongane kewan ama sing tansah agawe kapitunan. Ngrebdane ngedap-edapi endhoge ewon cacahe yen netes bareng banjur ndrebala dadi ama sing agawe kapitunan gedhe.
Pasemon Sing Ngemu Piwulang
Sawise katog anggone mangan lan ngombe sing tansah agawe kapitunan gedhe tumrap sesamaning tumitah, sajake si uler ngrumangsani manawa tumindake salah. Mula banjur darbe niyat tobat, getun keduwung marang tumindake sing ala lan nistha mau banjur mbudidaya ninggal carane urip sing lawas sing tansah rugining liyan, banjur salin cara urip sing anyar sing migunani karo liyan.
Uler banjur leren anggone mangan lan ngombe, gawe papan mligi kanggo mertapa sing lumrahe sinebut ngenthung. Papan panggonane uler tapa utawa ngenthung mau awujud papan kaya dene kanthongan sing rapet tanpa lawang utawa bolongan. Sajroning ngenthung uler ora mangan ora ngombe, ora obah ora mosik mung sumarah marang karsane Gusti Kang Murbeng Dumadi. Ing sajroning kahanan kang kaya mangkono mau, manawa nasipe si uler lagi apes, bisa uga enthunge dithothol pitik apa manuk utawa dijupuk bocah kanggo dolanan bisa uga dirubung semut. Yen nganti nemahi kaya ngono kuwi ateges anggone mertobat utawa tapa uler mau kena alangan sing ora kasembadan sedyane, malah tumeka ing tiwas.
Dene yen kalis ing sambekala anggone mertapa wekasan entuk kanugrahan saka Gusti kang maha welas lan asih. uler sing awujud enthung mau banjur manglar salin rupa wujud kupu sing endah ing warna beda banget ing samubarange karo wujud lan kahanan sarta sipate sing sakawit.
Kajaba salin rupa wujud kupu, pangan sarta sakabehing patrap solah bawane uga salin cara sing anyar. Cekake cara urip lawas agawe kapitunan ditinggal, ganti cara anyar sing migunani tumrap liyan.
Wujude sing nggegilani sarta carane mlaku sing nggremet lemah utawa pange witwitan saiki wis ora dipigunakake maneh.Kupu mabur ing awang-awang ngingsep sarining kembang ngrikiti wit-witan sarta gegodhongan Pangane saiki madu sing mujudake sari-sarining kembang. Kajaba mabur golek pangan, saiki kupu melu mbiyantu tumangkare sarta dumadine woh-wohan.
Ing ngendi-endi papan kupu tansah disenengi dening bocah-bocah sarta para wong tuwa. Tekane ing sawijining papan petamanan nambahi asrining taman. Malah ana sing nganggit tembang sarta nyanyi aja kanthi ngalembana endahing elare kupu-kupu.
Crita cekak, puisi, buku sarta filem ana sing migunakake kupu minangka inspirasi lan irah-irahane. Upamane : Kupu-kupu Kertas; Abure Kupu-kupu Kuning, Kupu-kupu Malam lan liya-liyane. Cekak sawise katarima anggone mertapa lan mertobat kanthi keduwung trusing ati, uler sing sakawit uripe nistha mau banjur malih dadi tentrem rahayu kebak ing kabagyan lan kamulyan.
Piwulang sing bisa kapethik saka crita panguripane uler mau nelakake manawa pamratobat kang katindakake kanthi temen-temen sinartan niyat becik kang katindakake kanthi becik uga sarta tansah pasrah sumarah marang karsaning Gusti kang maha welas lan asih iku bakal katarima dening Pangeran kang wusanane kepareng paring pangapura sarta kanugrahan sing tanpa pepindhan.
Muga-muga kanthi crita pasemon panguripane uler iku mau, yen ana manungsa sing tumindake tansah agawe kapitunaning liyan kaya dene tumindake uler, bisa kasenggol kenuring batine banjur mareni anggone tansah agawe kapitunaning liyan.
Yen uler wae sing jejer kewan ora kadunungan rasa pangrasa akal budi nalar lan pikiran bisa ngowahi watak lan tumindake sing ala apa manungsa luwih asor tinimbang uler ?
Pancen nyatane isen-isening alam ndonya iku maneka warna mula uga banjur sinebut alam rame utawa alam karamean. Dadi ora mokal manawa kebak kahanan. kadadeyan, watak lan tumindak sing manca warna jumbuh karo kodrate sing tansah owah gingsir sarta nyakra manggilingan. Nanging sabegja-begjane sing lali, tetep isih begja sing eling lan waspada. andhap asor, tepa slira sarta mantep pangidhepe marang Gusti Kang Maha Kuwasa
No comments:
Post a Comment