(dening : Gaib Wisnu Prasetya)
SAKA desane ing saelore Wonosari, Gunungkidul, Sutikno budhal tumuju Yogyakarta. Niyate sakawitnyusul Lik Masirin, makarya dadi kuli bangunan ana proyek. Mbangun ge-dhonge pemerintah, sing jarene ngente-kake ragad milyaran. Tikno ngrumang-sani, kadidene anake randha mlarat dhe-weke kudu ngudi ngentheng-enthengi sanggane simboke. Apamaneh adhi-adhine isih cilik, nedhenge butuh ragad sekolah.
Sapioke bapake tinggal donya setaun kepungkur, ekonomine simboke semra-wut. Mula gelem ora gelem Tikno kudu cancuttaliwanda. Minangka anak mbarep, dheweke kudu bisa menehi conto tumrap adhine-adhine. Nadyan lulusan SMK ju-rusan teknik mesin, deweke ora isan ora isin nandangi gaweyan kasar ngudheg luluh dadi laden tukang, nguli ana pasar lan liya-liyane. tekan Yogya Tikno njujug pon-dhokane Lik Masirin ing sawetane Malio-boro. Pondhokane Lik Masirin klebu rame merga manggon ana sacedhake Kali Code. Omah cekli ukuran 7 x 12 meter persagi dienggoni wong pitulas, kabeh kuli proyek. Turune umpel-umpelan. Nadyan sesak, Tikno ora ngresula. Pancen anane mengkono arep piye maneh ? Nanging nganti pirang-pirang ndina nunut ing pondhokane Lik Masirin gaweyan kang diajap durung bisa kasembadan merga proyeke macet. Tikno kepeksa lontang-lantung.
"Priye upama sadurunge proyek wiwit awake dhewe gawe kegiyatan disik? Ngiras nggo ngisi wektu ngono Iho," kandhane Samanto, kancane Lik Masirin sing asale saka Bantul.
"Kegiatan apa Man ?"
"Dadi pemulung barang bekas kayata plastik, kerdhus lan wesi rongsok...!" usule Samanto.
"Waah, kok dadi pemulung ta? Apa ora ana kegiyatan liyane sing luwih apik?" Tikno sajak kurang ketarik.
"Rak malah penak ta? Kene ora perlu modhal. Mangka yen diedol asile kena nggo tuku mangan lan udut kalane awake dhewe durung dibayar proyek. Jajal nek liyane dadi pemulung awake dhewe arep makarya apa? Ngamen? Kowe jegos nyanyi pa ? Pemulung yen begja ya bisa dadi juragan kok, ora ketang juragan rongsok," kandhane Samanto.
"Terus anggone golek rongsok iku neng ngendi apike?"
"Ra sah adoh-adoh, sekitar kene wae rak ya akeh."
"Ya wis aku manut. Apa maneh dhom-petku wis nipis isine. Gek Lik Masirin ya lagi tilik kulawargane neng ndesa," sidane Tikno mathuk.
Wiwit esuke Tikno duwe pakaryan anyar dadi pemulung barang rongsokan. Esuk nganti sore blusukan turut kam-pung, pinggir kali lan pasar Beringharjo. Wiwit botol plastik, kerdhus bekas nganti wesi rongsok dikukuti banjur diwadhahi bagor sing dicangklek ana gegere. Dene Samanto rada luwih kepenak sithik. Gan-dheng dheweke nduwe sepedha onthel komplit sak kronjote, mula anggone luru rongsok bisa ndlajah luwih adoh. Entuk-entukane mulung rongsok banjur didol marang pengepul ing sacedhake Stasiun Lempuyangan. Nyatane asile lumayan, kena nggo mangan wareg, tuku udut lan turahane bisa dicelengi. Tekade, angger obah mesthi mamah.
Nanging ndilalah dina kuwi kaya dadi pengapesane Tikno. Wiwit esuk nganti sore anggone golek rongsokan mung tiba kliyek. Sedina muput ngebaki bagor wae ora bisa. Isen-isene mung entuk separo. Upama didol regane ora mbejaji lan ora cucuk karo olehe kedhungsangan mlebu metu kampung. Pokoke ora mingsra. Mula barang rongsok iku arep disimpen sawe-tara, sesuk yen wis entuk tambahan lagi disetorake menyang pengepul. Tikno banjur leren ana pondhokan sinambi nglaras kahanan. Wong nyatane dhuwit anggone dodolan rongsok wingi isih bias nyukupi mangan lan rokoke, arep apa maneh?
Wengine Tikno lagi leyeh-leyeh si-nambi ngrungokke siaran radio nalika du-madakan dijawil Samanto.
"Ana apa Man ?" Tikno gragaban.
"Ayo melu aku!"
"Menyang ngendi?" Tikno semaur bingung.
"Ssstt....Ra sah kakehan takon. Iki rejeki nomplok. Doyan ora?" kandhane Samanto karo setengah meksa ngglan-dhang tangane Tikno.
Wong loro banjur boncengan sepedhah pancal ngener mengetan nganti tekan sakiwa tengene Stadion Mandala Kridha. Sing dijujug pener gang sakkulo-ne stadion kang sepi. Katon ana grobag PKL gembokan rapet. Tikno wiwit ngerti sing dikarepake Samanto.
"Kowe ngentenana kene dhisik aku takmarani grobag kuwi. Aja lunga-lunga!" prentahe Samanto.
"Arep kok kapakake grobag kuwi? Arep kok songkel ya ?"
"Ssst... Aja crigis! Ra sah kakehan cangkem, nyoh iki gek diudut disik!" Samanto ngulungke bungkus rokok sing isine kari saeler sisan sakoreke.
"Wis gek diudut sing kepenak. Tung-gunen ana kene, mengko yen ana uwong kowe singsot sing seru ya!"
- "Yooh...!" semaure Tikno sinambi nyulet rokoke.
"Mengko nek butuhku wis rampung kowe taksingsoti! Pit sakronjote enggal gawanen neng cedhak grobag!"
"Yooh!" semaure Tikno sinambi kle-pas klepus udut karo nyawang Samanto kang wiwit nyedhaki grobag.
Drei gedhe sing sekawit disengkelit ana gegere dilolos, njur digunakake kanggo nyongkel gembok grobag. Jebul angel ! Gemboke gedhe lan ulet. Samanto nye-raki kronjot, njupuk linggis cilik. Gembok kasil disongkel, lawange dibukak. Isine wajan gede cacah loro, ketel loro, kompor gas lan tabung elpiji 14 kg, rokok 15 wungkus, sabun, jajan, kabeh diwetokake Samanto. Rampung ndhodhosi isine grobag dheweke njur nyingsoti Tikno supaya nyedhak. Samanto marem. Upama di-kerta aji, kira-kira ragane barang-barang mau nyandhak atusan ewu.
"Ayo cepet, selak konangan uwong!" kandhane Samanto.
Cekat-ceket sakabehing barang ditata ana sandhuwure kronjot. Bareng rampung, Samanto mrentah,"Wis kana ndang gawanen menyang pondhokan dhisik, mengko taktututi!" kandha mengkono sinambi nyurung sepedhah sakronjote saka mburi.
Jegagig! Durung ganep selawe meter anggone Tikno mancal sepedhah, ke-dadak papagan karo wong-wong sing lagi rondha.
"Bajigur, apa sing kok usungi kuwi ha?" Salah sijine nom-noman ngaglah ngalang-alangi sepedhahe Tikno.
"Mbot....mboten, sanes menapa-menapa," Tikno gugup.
"Mailing.....maliiiing...!!"
Tikno kaget. Sepedhah dibrukake terus mbradhat golek slamet. Nanging durung nganti limang njangkah raine wis dijotos. Tikno pasrah awake dienggo bal-balan pemudha kampung. Lambene pecah, tangane kesleo, lan gegere kebak tatu slomotan rokok. Raine bengep nganti ora bisa dikenali maneh. Bubar kuwi dheweke dikalungi wajan lan ketel, raine di-raupi angus, banjur digiring menyang kantor pulisi sinambi digameli kaya kethek ogleng. Wengi kuwi Tikno turu ana tahan-an polsek, kethap-kethip ijen sinambi ngrasakake lara lan apese awak.
Let seminggu dheweke dipindah menyang tahanan Poltabes. Rong sasi can-dhake dheweke wis dipindah menyang LP Wirogunan.
"Terus kancamu Samanto kae saiki ana ngendi?" pitakone Kenci, kancane Tikno nunggal sel.
"Minggat. Mbuh ra ngerti juntrunge...!" semaure Tikno sinambi ngglethakake awak. "Nek kowe perkaramu apa Ci? Kok nganti ngandhang ana kene ?" Tikno genti takon.
"Biasa.... Sancipak, 378 ."
"Pencurian?"
"He-eh !"
"Nyolong apa..?"
"Bebek..,"
"Husss..!"
"Tenankok...! Lagiapesawakku wektu kuwi!"
"Kok bisa?"
Kenci wiwit ngoceh, nyritakake lelako-ne, "Sedina sadurunge Maret wingi aku diampiri Joko Thekle.."
"Oo..Joko sing manggon neng sel 15?"
"He-eh. Jarene aku arep diajak dolan nyang Yogya, eee malah diajak mubeng-mubeng ra karuwan jluntrunge. Tekan tla-tah sakiwa tengene Kotagedhe rak akeh sawahe ?"
"lya. Terus?"
"Neng pesawahan iku ndilalah ana bebek saba golek pangan. Jentrek-jentrek ana ndhuwur galengan. Joko ngendheg-ake motore, aku kon ngenteni. Joko mudhun, marani bebek-bebek kuwi. Sing gedhe dhewe disaut banjur dilebokke jaket. Jebul sak obah polahe wis diinjen karo sing angon bebek. Joko dibengoki maling. Aku njur mlayu nggendring. Motor taktinggal ana pinggir dalan. Playuku turut galengan terus nabras kampung nganti lolos."
"Joko piye ?" Tikno tambah penasar-an.
"Digebugi nganti thekle....Mula jenenge dadi Joko Thekle. Aku njur minggat maneh nganti seminggu. Dhasar apes, mulih takkira aman. Lagi nengah-nengahi jagongan karo kancaku, ana pulisi teka nggoleki. Rekane mono aku arep mlayu liwat lawang mburi, merga pulisine mlebu liwat ngarepan. Cilaka, lagi manglung lawang pawon jebul ana barang anyep nemplek bathukku. Jebul aku ditodhong nganggo munthune pulisi," kandhane Kenci angles.
"Jan-jane kasuse awake dhewe iki ora ana apa-apane yen dibandhing Gayus Tambunan, Alin utawa Hartoni, bandar narkoba ing Nusa Kambangan. Klebu kasuse anggota-anggota DPR sing padha korupsi. Nadyan padha-padha napi, ning entuk "perlakuan" istimewa saka aparat penegak hukum. Sengara wong-wong kuwi diajar massa. Balik awake dewe? Tibane rak mung remuk rempu kaya ngene ta?" ujare Kenci maneh.
"Ah embuh Ci. Sasi ngarep aku wis bebas kok! Nem sasi ana kene wis cukup, lan kudu bisa njupuk hikmahe. Awake dhewe mung wong cilik. Hukum iku kaya glathi, landhep sing ngisor ning kethul ana nduwur. Wis dilakoni wae. Suk yen wis metu aku kepengin nyambut gawe sing apik lan ora mbaleni lelakon letheg njemberi ngene iki. Mesakke simbok lan adhi-adhiku..." kandhane Tikno sinambi nggloso ana saknduwure klasa plastik sing anyep njejet. (Cuthel)
No comments:
Post a Comment