Kutang Ireng

Kutang Ireng

Dening: SOEDARSIN 

PanjebAr Semangat no. 22 - 31 Mei 2014


Saupama aku dadi wong sugih, mbokmenawa klambiku bisa akeh. Kutangku lan CD-ku uga akeh. Ora kaya saiki, klambi sing pantes mung ana telu. Liyane dhaster sing modhele kaya sarung bantal, ora ana potongane. Kutangku uga mung telu, ireng, krem lan putih. Sing putih, wernane wis ora putih maneh, nanging putih tuwa. Ing antarane kutang telu mau, sing wis paling kendho taline, wernane uga wis mbiadhus awit asring dienggo, yaiku kutang sing werna ireng. Kutang kasenengane Mas Aris. Sandhalku mung sandhal plastik, tu-kon kaki lima emperane toko mas Pasar Wage, sing wernane nyolok mata. Mura-han. Lha piye, arep tuku
sing apik wong dhuwite ora ana. Urip dadi wong mlarat pancen rekasa. Sandhang, pangan, papan, sing mujudake kabutuhan pokok wae durung kecukupan. Omah mung ngontrak nang pinggir kali, milih sing murah. Omah kayu ora ana kamar padusane. Adus, um-bah-umbah, apadene bebuwang, kudu menyang kali sing ana buri omah, bareng karo tangga-teparo.

Panggaotane bojoku mung dadi bakul jajanane bocah-bocah cilik lan bocah SD. Jajane cilok, aci sing dicofok. Cara gawene, glepung aci dibanyoni, banjur diwenehi bumbu sawatara, terus digawe bunder-bunder. Sawise digodhog, wujude kaya bakso cilik-cilik, banjur disunduki lima-lima. Mangane dicampur karo saus apa kecap. Panganan cilok ora mung disenengi bocah cilik-cilik, nanging uga ibune bocah sekolah sing kebener padha ngeterake utawa methukanake sekolah. Mangkate dodolan wayah esuk, ngungkuli pegawai negeri. Jam nem seprapat wis mangkat numpak sepedha elek, sing boncengane sisih kiwa tengene ana kothakan isi dagangan. Jam setengah pitu kudu wis nang ngarep seko-lahan, ngadhang bocah sing nembe teka nggawa sangu pawewehe wong tuwane. Mulihe mengko mbarengi wayah bocah mulih sekolah.

"Sri nang endi, Nur?" takone bojoku nalika mulih saka dodolan.

Biyasa, bubuki""Wan, kebeneran..." kandhane bojokukaro nglirik pundhakku.Aku wis ngerti karepe.Angger bojoku weruhing pundhakku ana tafikutang werna ireng,wis mesthi birahineMas Aris  iangsungmunggah tekan mbun-mbunan. Dheweke pal­ing seneng yen aku-nganggo kutang ireng.Dheweke bakal mbludag napsu birahine yen weruh aku nganggo
kutang ireng. Mula kutang irengku iku sing paling kendho taline, paling longgar ukurane> awit paling asring di­
enggo. Nganti mbladhus. Nanging uga pal­ing disenengi bojoku. "Kulitmu kuning, Nur. Pantes banget yen kowe nganggo kutang sing ireng", kandhane bojoku saben-saben aku nganggo kutang iki.

"Ora ireng ora putih, angger satnpeyan weruh pundhakku njur mesthi kepengin. Wingi rak nembe entuk jatah, ta Mas?"

"Mbuh wingi, mbun mbiyen, wong aku kepengin arep dikapakake?"

Sidane awan iku aku kepeksa adus ma­neh menyang kali. Ethok-ethoke karo um-bah-umbah, ben ora diaruh-aruhi tangga. Mangka mau ya wis umbah-umbah, ya wis adus.

Wis ana seminggu iki Mas Aris kurang gairah, kurang greget. Saben-saben ngli­rik pundhakku ora tau nemoni tali kutang werna ireng. Sing ana werna krem, yen ora ya werna putih sing wis dadi putih tu­wa. Aku pancen durung crita karo Mas Aris ngenani kedadeyan seminggu kepungkur. Wektu semana, aku lagi umbah-umbah karo nggawa Sri. Kaya sing uwis-uwis, Sri sing lagi umur rong taun, dak kon lungguh ing watu cedhak olehku um-bah-umbah. Lagi nengahi umbah-umbah, Sri nangis karo jerit-jerit amarga ana ka-dhal marani dheweke. Sri tiba, tujune ora nganti kecemplung kaii. Aku mlayu nulungi Sri, nganti Sri ora kaweden maneh. Nanging kojur, banjur aku mbaleni kumbahanku, ana barang sing ilang. Kutang irengku sing lagi dak kumbah, keli kegawa ili-ning banyu kali. Wis ilang barang kase-nengane Mas Aris sing mung siji thil. Mesakake Mas Aris.

"Nggoleki apa ta, Mas?", pitakone nalika aku weruh mas Aris dhudhah-dhudhah rak klambiku.

"Anu...Nggoleki tangreng!"

"Apa? Tangreng? Tangreng iku apa?"

"Sing nomer 34!"

"Oalah, tangreng. Kutang ireng, ta?"

Mas Aris banjur dakcritani apa sing wis kedadeyan seminggu kepungkur nalika aku lagi umbah-umbah. Mas Aris ketok banget cuwane, kaya kelangan barang sing gedhe pengajine.

"Mas, ora sah digetuni. Merigko yen ana rejeki sing omber, aku daktuku maneh sing anyar, sing isih kenceng, lan wernane ya isih menges, cocog karo kulitku. Aja sedhih kaya ngono, ta?"

Wektu lumaku kaya aturaning Gusti Allah. Dhetik dadi menit, menit dadi jam, jam dadi dina, diria dadi minggu. Ing sawi-jining awan, aku dikagetake swarane sim-bok sing teka ing omahku karo sajak bi-ngung.

"Paklikmu Sungeb, sing dadi hansip neng Karangwangkal telpon, jare bojomu lagi kena masalah. Kowe dikon nusul menyang bale kelurahan Karangwangkal".

"Masalah? Masalah apa?"

"Ya embuh. Wis kana nusula, numpak ojeg wae ben cepet! Duwe dhuwit ora?"

"Ora, Mbok".

. "Ya wis, iki gawanen" kandhane sim-bok karo nguiungake dhuwit rong atus ewu. Aku mangkat, Sri daktitipake simbok. Satekane bale kelurahan aku weruh wong-wong padha ngtumpuk ing kana. Aku we­ruh Mas Aris lagi lungguh ing kursi lan di-mbung wong akeh. Ana Pak Lurah lan bo-cah-bocah enom sing racake para maha-siswa lan mahasiswi. Lungguhe dijagani Pak Hansip. Raine bengep kaya mentas dijotosi uwong. Atiku nratap. Nangis. We aku teka, Pak Hansip mapag tekaku. Wong-wong padha pating gemrenggeng swarane.

"Enten napa, Pak Sungeb?" pitakonku.

"Niki ta, estrlne mating niki?" takone salah sijine bocah wadon sing ana kono. "Ayu-ayu kok sing lanang dadi maling. Gek sing dicolongi barang ora mbejaji. Apa nggo syarat perdhukunan, ya?"

"Maling? Kowe nyolong ta, Mas? Nyolong apa?" aku takon neng Mas Aris. Mas Aris ora mangsuli. Mung mripate sing banjur kekembeng eluh.

"Apuranen aku, ya Nur. Aku salah. Aku lali..."

"Bojomu nyolong kutang nang nggone kos-kosane mahasiswi..." PakSugeb mbisiki aku.

"Astaghfirullah... Mas, Mas. Kok kebangetan temen. Kok nganti kaya ngono tumindakmu".

"Kuwi, Mbak, barang sing dicolong bojomu! Duweke Mbak Rani!", kandhane salah sijine mahasiswi karo nudingi kutang ireng sing ana meja.

"Lajeng kepripun niki, Pak Lurah. Kula saestu nyuwun pangapunten. Mboten sisah dilajengaken lapur teng pulisi. Barang sing dipendhet niki kula wangsulaken dhateng sing kagungan. Rai bojo kula sing ngantos bengep niku empun cekap minangka paukumanipun. Sepisan malih kula nyuwun pangapunten, nggih Mbak. Mbak sing barang niki,.."..

"jane badhe ngge napa ta, wong nyo­long barang kok mung barang kados niku? Tur mung siji!" pitakone Pak Lurah marang aku. Aku ora wangsulan. Apa aku kudu blaka karo kasunyatan sing ana rumah tanggaku. Ning sapa ngerti yen aku crita apa anane mengko njur oleh kawelasan saka Pak Lurah lan wong-wong sing ana kono. Ning kokcritane rada ngisin-isini?

"Sakjane kula isin badhe matur ingkang sakleresipun. Ning punika isen-isening do-nya, dados keparenga kula nyariyosaken..."

Aku banjur crita apa anane, bab bojoku sing birahine munggah yen aku nganggo kutang ireng, nganti kutang irengku sing mung siji thil keli kegawa ilining kali. Pranyata kabeh bisa nampa critaku, kabeh bisa nampa panyuwunan ngapuraku lan bojoku. Aku karo Mas Aris oleh mulih lan perkarane disigeg tekan semono. Atiku mak plong lega, sanajan rada isin.

Aku diboncengake sepedha Mas Aris, ngidul parane. Tekan Kebondalem aku njaluk mandheg sedhela, arep tuku kutang ireng telu cacahe sing modhele beda-beda. Kutang kanggo aku, nanging uga kanggo kasenengane Mas Aris. Bareng ngliwati prapatan lampu bangjo kidul ter­minal, aku ngajak Mas Aris mampir ngombe es ing warung bakso Bluluk, kanggo nelesi gorokan sing wis krasa garing wiwit rnau. (Cuthel)

No comments:

Post a Comment