Abang Bata

Abang Bata

DINANE Senen. Aku kudu budhal luwih esuk. Awit kudu nyiapake upacara bendera. Jane ya wis ana guru olahraga Nanging aku kurang sreg yen ora nunggoni. Awit guru olahraga-ne isih enom, gek isih GTT. Pengalaman mulang lan ngatur ika-iki durung mumpuni. Sauntara Bu Darsini guru kelas nenem sing padatan nyiapake upacara, rada mopo sajege ana guru olahraga-ne. Ke-peksa aku sing kudu ngalahi. Nanging esuk iki aku jan anyel. Awit putuku sing sekolah neng PAUD ndadak rewel. Gara-garane, njaluk adus merga weruh kancane ana sing wis budhal se¬kolah. Hla wektu semono aku lagi nggoreng tempe. Rada kesusu-susu, wong wis men jam setengah pitu. Iki risikone yen ora duwe pembantu. Biyen tau duwe pembantu, ning banjur mulih jare ora krasan. "Kuuung ... Denty nyuwun adus ... tulung dusana!"

Kursi Antik

Kursi Antik

(Trilaksito Saloedji)

Sawise pelantikan ing Surabaya, aku lan sisihanku tumuju menyang panggonan tugasku sing anyair Sawijining Pabrik Gula ing pesisir lor, ora adoh saka kutha kabupaten.
Sawise kuwi ing ndalem telung dina, kegiyatanku yaiku nganakake sapatemon karo karyawan sapabrik lan bojone ing Balai Pertemuan. Kenalan ngiras ngeling-ake tugas kang kudu

Oooh...Lelakon

Oooh...Lelakon

(dening : Gaib Wisnu Prasetya)

SAKA desane ing saelore Wonosari, Gunungkidul, Sutikno budhal tumuju Yogyakarta. Niyate sakawitnyusul Lik Masirin, makarya dadi kuli bangunan ana proyek. Mbangun ge-dhonge pemerintah, sing jarene ngente-kake ragad milyaran. Tikno ngrumang-sani, kadidene anake randha mlarat dhe-weke kudu ngudi ngentheng-enthengi sanggane simboke. Apamaneh adhi-adhine isih cilik, nedhenge butuh ragad sekolah.

Nguri-uri Upacara Adat "Bayen"

Nguri-uri Upacara Adat "Bayen"

Dening Sutrisno Magersari

Kagem masyarakat Jawa, upacara adat "bayen" punika ngandhut tujuan luhur nyadhong kanugrahan, pang­ayoman, saha kawilujengan bay! (calon bayi) saking ngarsanipun Gusti Ingkang Akarya Jagad (Allah SWT). Biasanipun, upacara adat bayen punika kawiwitan saking calon bayi nalika wonten kandhutan pitung wulan (tingkeban) ngantos calon bayi dipun

JARAN NGGOLEKI MANUNGSA

JARAN NGGOLEKI MANUNGSA

Dening : kyan Biru ( Panjebar Semangat No. 15-13 April 2013 )

Jaman mbiyen sadurunge jaran dadi manut kaya saiki, ana Jaran Sumba sing gedhe, dhuwur lan ,wulune alus. Jaran kuwi durung tau ketemu manungsa. Uripe ana suketan amba. Pangane kecukupan, uripe aman. Gaweyane jaran kuwi mung mangan suket karo mlayu ing lapangan suket lan ngaca ing kedhung. Jaran kuwi krasa seneng lan yakin yen dheweke makhluk Gusti Allah sing paling kuwat, apik lan pinter ing bumi. Ing esuk kuwi Sumba lagi ngaca ing telaga, ana iwak teka nyedhaki jaran sing lagi ngilo kuwi.

GROMBOLAN RAMPOG NGGONDHOL 6 MILIAR

Durung wae traumane warga ilang salebare kasus penyerangan ing Lapas Cebongan, Sleman, warga Yogyakarta ball dikagetake dening aksine rampog cacah lima sing nyatroni kantor Pegadaian Syariah Unit Ngampilan, Selasa awan (2/ 4). Grombolan rampog agegaman senjata api iku kasil nggondhol priyasan mas-masan pengaji Rp 6 miliar lan dhuwit Rp 30,9 yuta. Manajer Pegadaian Syariah Unit Ngampilan, Slamet, nuturake ram-pog-rampog iku mbanda para petugas pegadaian lan meksa supaya nuduhake panggonane bandha. Kanggo nggertak, salah sijine perampog nembakake pistule menyang meja engga njalari kacane meja rengat.

Slamet nduga pistule penjahat iku mung tiron utawa jinis air soft gun awit plurune ora bisa nembus meja. Kejaba kuwi swara jumedhore uga beda karo pistul-pistul sing tenan. Miturut Slamet, rampog-rampog mawa tutup rai iku ngobok-obok kantore jroning wektu 20 menit.

Bandha sing dirampog dikukup lan dilebokake tas rangsel. Sawise butuhe cukup rampog-rampog iku ninggalake Pegadai­an kanthi sahtai. Kapolda Yogyakarta, Brigjen Sabar Rahardjo ngandharake, ciri-cirine rampog wis dikanthongi pulisi. Sabar nduga tindak kejahatan iku wis ri-nancang sadurunge, jalaran anggone tu-mindak ngenteni nalika listrik pinuju mati saengga ora bisa karekam dening kamera CCTV.

Tulusing Katresnan

Hawa adhem njalari Hari nggeret kemul rada dhuwur. Lamat-lamat ku-pinge krungu lagune almar-hum Chrisye. Nyawang rneja ing pojok kamar. Ah, Minar isih nggethu ing ngarep laptop cethak-cethik ngetik. Rambute sing dawa nganti ngisor pundhak digelung nganggo jepit. Kaca mata plus sing mung dienggo menawa lagi nggarap pakaryan ing laptop sangsaya ngatonake keseriusane. Awake langsing, direnggani klambi terusan sing nglembreh meh tekan jogan.
Kaya minggu-minggu sadurunge, pendhak Jemuah bengi utawa Setu sore Minar ajeg teka ing omahe. Hari mapag menyang stasiun. Lan bengine, nalika Hari nglilir, tansah nyumurupi Minar nggethu kaya ngono iku. Kira-kira jam telunan lagi ngadeg, ngobahake tangan mendhuwur, ndhaplang, ngeluk boyok Mlebu jedhing, bali neng kamar meneh, nggelar sajadah, banjur khusuk konjem ' ngadhep sing Maha Kuwasa ing sapro-telon wengi pungkasan kang aji banget, Bubar iku bali ing ngadhep laptope nganti Shubuh, Krungu azdan ngumandhang, Minar mateni laptope. Nyedhak peturon, ngaras pipine Hari kanthi asih, banjur mbisiki kupinge, "Mas, wis Shubuh... wungu yuuuk!"

Geguritan Kuwi

Aku menthelengi tulisan ing majalah PanjebarSemangat kanthi ati trataban. Geguritan ang kebak pangrasa ing tanganku, bola bali takwaca tanpa ke-dhep. Lambeku gemeter karo ndremimil. Rasane donya kaya ambruk ing dha-dhaku. Dhuh, Gusti.,.jeneng kang kapa-cak ing ngisor geguritan kuwi sing marai jantungku kaya ucul-ucula. "Sri Wirdaningsih...".

Wewayangan rong puluh taun ke-pungkur kaya digelar neng ngarep mripat-ku. Kawitane jaman isih menganggo se-ragam putih biru, aku ketemu karo Sri Wirdaningsih. Aku ngrumangsani yen wiwit duwe rasa beda marang kenya manis kuwi sawise srawung udakara limang sasinan. Nanging, aku ora kuwawa nyuntak rasa ing njero atiku, jalaran aku wedi marang wong tuwane. Pak Pambudi, ya bapake Sri Wirdaningsih mono salah sijine guru kang mulang ing SMP-ku.