Aplikasi Raport Kur. 2013

Mangga ingkang ngersakaken aplikasi raport kurikulum 2013 tingkat SMA, saged dipun modifikasi, dipun otak-atik piyambak. nuwun

DOWNLOAD

Daftar Nilai Guru Kur. 2013


Dhumateng bapak/ibu guru ingkang mbetahaken file Daftar Nilai Kur. 2013 saged panjenengan undhuh wonten ngandhap menika. nuwun



Download

Ngurip-urip Basa Jawa (ature : L SUNOTO)

BASA Jawa perlu diurip-urip. Tegese diopeni lan sapanunggalane, amrih lestari utawa supaya tetep urip (KAMUS BASA JAWA dening Tim Penyusun Balai Bahasa Yogyakarta, 2001). Pratelan iki minangka sawijining wangsulari tumrap sumelanging para sepuh ngenani kahanane basa Jawa kang mrihatinake banget Basa Jawa wis arang dinggo srana komunikasi ing antarane para mudha. Semono uga marang wong tuwa utawa wong kang perlu diajeni. Kamangka para mudha kuwi nggambarake masyarakat ing tembe buri. Yen nom-noman saiki ora seneng, ora gelem, utawa ora bisa ngganggo basa Jawa, mesthine basa Jawa ora bisa tetep urip utawa ora lestari.
Ngurip-urip basa Jawa mbutuhake tumindak nyata. Sapa kang kudu tumindak, lan apa kang katindakake? Saben pawongan kang isih ngaku wong Jawa (durung ilang Jawane) duweni kuwajiban nindakake rang bab. Sepisan, ngopeni basa Jawa klawan nggunakake basa Jawa kanthi bener lan apik. Kanthi bener, tegese manut pranatan (kaidah) panganggone basa Jawa kang wis katetepake. Apik, mengku teges manut swasana lan jinis panganggone. Upamane, ing swasana resmi, swasana santai, swasa­na akrab, lan sapanunggalane.

Ruwatan Anak Sampir

ING jaman Majapahit agama wis nyawiji ing kabeh panguripan, ka-lebu kabudayaan. Kabeh perangan kabudayaan kayata seni bangunan, seni sastra lan seni panggung keblate menyang agama. Majapahit ora ngasilake bangunan-bangunan megah lan gedhe kaya Boro-budur lan Prambanan ing jaman Mataram kuna. Candhi-candhi jaman Singosari-Majapahit wujude candhi-candhi cilik,. gung-gunge akeh banget lan minangka makam kulawarga raja.
Ing jaman Majapahit ana candhi cacah loro kang dientha-entha kanthi relief kisah Mahabarata, yaiku Candhi Tegowangi (kang dibangun dening Rajasawardhana ing taun 1358 M) lan candhi Sukuh ing perengegunung Lawu, di­bangun ing taun 1439. Kalorone nggunakake relief Sudamala. Ing crita pewayangan Sudamala biya-sane digunakake kanggo ngruwat, contone kanggo nglepasake anak "sukerta" saka bencana krana klairane, kanthi tebusan upacara keagamaan. Mbokmenawa re­lief candhi Tegowangi kanggo ngurmati ruwatan Nagarawardhani, putri tunggale Rajasawardhana ing perkawinane karo Bre Lasem.

UPACARA adat "Mantu Kucing"

UPACARA adat "Mantu Kucing" minangka upacara adat kanggo njaluk udan ing dhaerahe wong-wong kang nganakake upacara adat kasebut. Upacara iki dianakake ing mangsa ketiga dawa, amrih dampake negatif ora tumarna marang masyarakat kang uripe ing saben dinane mung gumantung marang saka wulu wetune anggone nggarap tegal lan sawahUpacara adat iki asale saka tradhisi masyarakat Desa Purworejo, Kecamatan/ Kabupaten Pacitan. Kedadeyane ing jamah kawuri (ora disebutake taun pira) kacarita ana salah sawijining warga desa kang entuk"wisik"supaya udan, kudu nglaksa-nakake

Bab Werdine Elmu Kejawen

Bab Werdine Elmu Kejawen 
Saben krungu tembung KEJAWEN, paran pikirane wong/masyarakat, mesthi tumuju marang "Gugon Tuhon", "Klenik" Isp. Nanging mungguh sanyatane, Kejawen mono, ora liya yaiku elmune wong Jawa. Kang elmu mau ora liya, apa bae kang ditindakake dening pawongan, aja nganti gawe rugi lan cilakane liyan. Malah sabisa-bisa, apa kang ditindakake, gawe liyan rumangsa seneng marem lan tansah kepengin cecaketan karo kang tansah gawe seneng lan marem mau. Sejene kuwi, watake wong Jawa, ya kang nduweni Elmu Kejawen mau, tansah andhap-asor, ora ngegul-ngegulake dhirine, kang wis rumangsa luwih sembarange. Tansah ngajeni liyan, ngurmati lan sujud marang pinisepuh/pemimpin, ndhuwuran Isp. Kang tansah gawe seneng lan marame liyan mau, ora liya yaiku sesanti "KARYANAKTYAS ING SASAMI".

Tradhisi Kupat

TRADHISI yaiku salah sawijining bab kang angel diowahi utawa diganti, amarga wis kadhung nyawiji ing panguripan masyarakat pendhukunge. Wondene kupatan yaiku salah sawijining istilah kang asale saka tembung "kupat". Yaiku jenenge panganan saka beras sing dilebokake ana jero kothak nam-naman janur, lan digodhong suwene patang jam. Ujare kandha panganan iki ana nalika jaman Wali Sanga, minangka gantine lonthong. Digawe saka janur lan disugunake beba-rengan karo panganan sing ana santene amarga dipercaya yen wit klapa kalebu wit sing piguna banget, wiwit saka wite, oyode, godhonge, wohe, banyune, sepete, bathoke  kena dimanfaatake kanggo panguripan manungsa. Saengga, manungsa kudune niru lan manfaatake umure marang sapadane. Saliyane iku wujud kupat sing pesagi dipercaya nglambangake rukun Islam kang kapapat yaiku pasa ing wulan Ramadhan.

Omah Jawa (1)

OMAH Jawa tetela cakrike warna-warna. Ing titi mangsa sing wis kawuri, wujude omah Jawa isih kagolong prasaja. Nanging tansaya suwe banjur sansaya ngrembaka sarta pepak, laras karo mekaring kabudayan sarta kabutuhan panguripaning manungsa. Sawetara wektu kepungkur, panaliten ngenani sawarnaning wangunan omah Jawa diadani dening Proyek Inventarisasi Dan Dokumeritasi Kebudayaan Daerah Departemen Pendidikan Dan Kebudayaan. Minangka asiling palapuran, kababar buku seiarah, "Arsitektur Tradhisional Daerah Istimewa Yogyakarta" dening Drs. Hj. Wibowo, Drs. Gatut Murniatmo, Sukirman Dh (tim dhaerah) lan Drs. Sugiarto Dakung (pusat).Katetepan laladan Yogyakarta minangka papan panaliten, yaiku kanthi dhasaryen Dhaerah Istimewa Yogyakarta iku mujudake sawijining papan panggonan kang dadi pusate wangunan arsitektur tradhisional Jawa. Laladan Yogyakarta (Kota Cede, Kerta, Plered), iku mujudake tiias Kraton Mataram Islam.

Samudana

Samudana

Dening : Didit Setya Nugroho

Lagi wae sedhan kinclong warna abang mbranang kuwi nggremet tekan prapatan, dumadakan keprungu pating gedebug sikile wong-wong menganggo klambi sarwa ireng. Kaping sepisan krungu swara jumedhuge tuge!an kayu trembesi ditibakake ngalang-alangi playune sedhan. Wong-wong ku­wi banjur ndhondhogi kaca sedan kanthi kasar. Saking kagete, Pak Surasa sing ana njero mobil ngerim ndadak. Raine pucet kaya kasatan getih. Durung ilang rasa kagete, wong-wong sing briga-brigi kuwi nyoba mecah kaca sedhan saka njaba.

Putri Rembulan lan Srengenge


Putri Rembulan lan Srengenge

Dening Sri Astutik

Pak Su lan Bu Tri mujudake wong tani kang wekel nyambut gawe. Manggone ing sapinggire alas kang ora adoh saka kutha raja. Uripe tentrem lan akeh asile olah tetanen, Mung emane, wis 20 taun anggone urlp bebrayan durung pinaringan momongan. Wis akeh tabib sing dltekakake supaya bisa aweh pitulungan.

Kutang Ireng

Kutang Ireng

Dening: SOEDARSIN 

PanjebAr Semangat no. 22 - 31 Mei 2014


Saupama aku dadi wong sugih, mbokmenawa klambiku bisa akeh. Kutangku lan CD-ku uga akeh. Ora kaya saiki, klambi sing pantes mung ana telu. Liyane dhaster sing modhele kaya sarung bantal, ora ana potongane. Kutangku uga mung telu, ireng, krem lan putih. Sing putih, wernane wis ora putih maneh, nanging putih tuwa. Ing antarane kutang telu mau, sing wis paling kendho taline, wernane uga wis mbiadhus awit asring dienggo, yaiku kutang sing werna ireng. Kutang kasenengane Mas Aris. Sandhalku mung sandhal plastik, tu-kon kaki lima emperane toko mas Pasar Wage, sing wernane nyolok mata. Mura-han. Lha piye, arep tuku